20 ungkapan (cara matur) ingkang
wigatos
1. Wonten
ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan
kenduren kangge tanggi.
Matur nalika nyaosaken:
Pak,
kula dipundhawuhi Ibu supados nyosaken dhaharan kenduren. Inggih namung arupi
kados menika.
Wangsulan:
Inggih,
maturke karo Ibu, maturnuwun wis ngeweneni maeman.
2. Salah
satunggalipun kanca SMA kula wonten ingkang saweg nandang kesripahan inggih
menika Bapakipun tilar dunya. Lare-lare OSIS sami takziah minangka sesulih
saking warga SMA. Kula dipunsuwun supados matur dhateng kluwarganipun.
Atur belasungkawa:
Assalamualaikum.
Kula sakanca dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang angka
kalih, kula minangka sesulih saking warga SMAN 1 Purbalingga ngaturaken
belasungkawa awit saking tilar dunyanipun Bapakipun mbak Siti. Mugi-mugi amal
ibadahipun dipuntampi wonten ngarsanipun Gusti saha kluwarga ingkang dipun
tilar tansah pinaringan sabar saha tawakal.
Wangsulan:
Assalamulaikum.
Kula minangka sesulih saking kluwarga mbak Siti ngaturaken agunging panuwun
dhateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh dhateng mriki. Maturnuwun
awit saking pandonganipun panjenengan sedaya.
3. Wonten
ing satunggaling dinten, kula badhe sowan dhateng dalemipun dosen kula saperlu
badhe bimbingan skripsi. Ananging kula boten mangertos dalemipun. Lajeng kula
nyuwun pirsa dhateng tiyang ngengingi dalemipun dosen kula menika.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Bapak, kula badhe nyuwun pirsa dalemipun Ibu Dina minangka dosen
Bahasa Jawa wonten ing UNY menika sisih pundi inggih?
Wangsulan:
Mbake
bablas, mangke wonten pertelon, ngiwa. Lajeng bablas. Dalemipun wonten sisih
kiwa saking margi ingkang warni pethak.
4. Wonten
ing satunggaling dinten, kula badhe ngempalaken tugas wonten ing
palenggahanipun Pak Purwadi minangka dosen mata kuliah nyekar macapat. Ananging
kula boten mangertos palenggahanipun wonten siish pundi. Lajeng kula nyuwun
pirsa dhateng Pak Agus minangka admin jurusan.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Pak. Kepareng matur badhe nyuwun pirsa papan paenggahanipun Pak Pur
menika wonten siish pundi inggih? Kula badhe nyaosaken tugas nyekar macapat
menika.
Wangsulan:
Mbake
bablas, palenggahane ing pojok kae.
5. Wonten
ing wiwitan semester 3, kula badhe nyuwun tapak asma KRS manual dhateng Pak
Purwadi minangka Pembimbing Akademik.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Pak, kula Sri Wahyani saking kelas B 2016. Kula badhe nyuwun tapak
asmanipun Bapak kangge KRS manual.
Wangsulan:
Oiya
kene ndhuk.
6. Nalika
kangmas kula dados penganten, kula caos bebingah. Nalika caos bebingah kula
matur:
Ndherek
mangayubagya inggih mas. Mugiya dados kluwarga ingkang sakinah, mawadah,
warohmah saha enggal dipunparingi momongan, amin.
Wangsulan:
Iya
dhik, amin. Maturnuwun awit saka pandongane ya.
7. Nalika
kula badhe damel KTP kula sowan dhateng kantor kepala desa saperlu badhe nyuwun
dipundamelaken serat pengantar kkangge damel KTP.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Pak, kula sowan mriki ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang
angka kalih, menawi kepareng kula badhe nyuwun dipundamelaken serat pengantar
kangge damel KTP.
Wangsulan:
Iya
ndhuk kene tak gawekne, njaluk identitasmu ya.
8. Kula
minangka pengurus mesjid wonten ing desa kula. Saking pengurus mesjid menika
badhe ngawontenaken pengaosan ingkang mbetahaken arta ingkang radi kathah,
satemah kula sakanca nyuwun pambiyantunipun para warga supados saged paring
pambiyantu kangge adicara menika.
Atur kula nalika sowan wonten ing
satunggaling griya warga:
Nyuwun
pangapunten. Kepareng matur, kula minangka sesulih saking pengurus mesjid Al
Fatih, sowan dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahmi kaliyan Bapak
sakluwargi. Ingkang angka kalih inggih menika kula badhe nyuwun pambiyantunipun
Bapak supados kersa paring pambiyantu kangge adicara pengaosan ingkang Insaallah
badhe kalaksanan setu benjing.
Wangsulan:
Oiya
ndhuk. Tapi ya njaluk pangapura, aku amung isa aweh pambiyantu sakmana kuwi.
9. Wonten
ing satunggaling dinten, mbakyu kula wonten ingkang wisuda lajeng kula caos
bebingah kangge mbakyu kula menika.
Atur kula:
Ndherek
mangayubagya awit saking sampun purnanipun anggen panjenengan ngangsu kawruh
mbak. Mugi-mugi ngelmu ingkang sampun panjenengan gadhahi saged murakabi
dhateng sedaya.
Wangsulan:
Iya
dhek amin. Maturnuwun awit saka pandongane ya. Muga-muga kowe uga enggal
rampung ya.
10. Nalika
dinten riyaya, kula nyuwun pangapunten dhateng Ibu awit saking sedaya kalepatan
kula.
Atur kula:
Ngaturaken
sugeng riyadi Ibu. Sedaya lepat kula nyuwun pangapunten.
Wangsulan:
Iya
ndhuk, Ibu uga njaluk pangapura ya.
11. Kula
menika mahasiswa semester 3. Kula mbetahaken buku Etika Jawi kangge
ngrampungaken tugas, ananging kula boten gadhah buku kasebat. Lajeng kula
nyuwun ngampil dhateng mbakyu kula ingkang sampun semester 5.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten mbak. Menawi kepareng, kula badhe nyuwun ngampil buku Etika Jawi.
Insaallah kula wangsulaken minggu ngajeng. Maturnuwun.
Wangsulan:
Oiya
dhek. Ngko tak golekke ndisik.
12. Bu
Haki menika kagungan putra kakung ingkang saweg kuliah wonten ing UNY. Wekdal
jadwalipun bayaran UKT, Bu Haki saweg boten kagungan arta. Lajeng Bu Haki sowan
wonten griyanipun Bu Slamet saperlu nyuwun ngampil arta.
Atur Bu Haki:
Nyuwun
pangapunten, kepareng matur. Kula sowan dhateng mriki ingkang sepisan badhe
silaturahmi kaliyan Ibu Slamet sakluwarga. Ingkang angka menawi kepareng kula
badhe nyuwun ngampil arta kali yuta saperlu badhe kangge mbayar UKT anak kula
ingkang kuliah wonten UNY. Insaallah kula wangsulaken wulan ngajeng
saksampunipun kula panen.
Wangsulan:
O
inggih Ibu. Ananging nyuwun pangapunten kula namung saged ngampili setunggal
yuta kemawon, amargi kua inggih badhe ngawontenaken kajatan inggih menika badhe
ngundhuh mantu wonten ing wulan menika.
13. Wonten
kanca kula ingkang ingkang nama Misti saweg wawrat pitung wulan. Lajeng
ngawontenaken upacara tingkeban. Kula minangka kanca, dhateng wonten adicara
menika saha ndherek ngaturaken mangayu bagya.
Atur kula:
Ndherek
mangayubagya inggih Mis. Mugi-mugi panjenengan kaliyan jabang bayinipun tansah
pinaringan kasarasan, lajeng benjang dipunparingi gampang gangsar anggen
nglairaken jabang bayi menika.
Wangsulan:
Inggih
maturnuwun Yan awit saking pandonganipun.
14. Kula
menika mahasiswa semester wolu ingkang saweg damel skripsi. Kula badhe sowan
saperlu konsultasi skripsi kaliyan pembimbing kula. Sakderengipun sowan kula
mar
Atur kula saklebetipun sms:
Assalamualaikum,
sugeng enjing Ibu.
Kula
Sri Wahyani saking PBD B 2016. Benjing kula badhe sowan dhateng dalemipun Ibu
saperlu kangge konsultasi skripsi. Menapa Ibu saged?
Maturnuwun.
15. Mbakyu
kula menika nembe kagugan putra. Lajeng kula dhateng dalemipun saperlu kangge
ndherek mangayubagya.
Atur kula:
Ndherek
mangayubagya awit saking sampun lair putra panjenengan ingkang mbajeng.
Mugi-mugi saged dados putra ingkang saleh saha saged murakabi dhateng Bapak,
Ibu, masarakat, bangsa lan nagari.
Wangsulan:
Amin.
Maturnuwun awit saking pandonganipun dhek.
16. Wonten
ing satunggaling dinten, Ibu kula tanggap warsa ingkang kaping 40. Kula
minangka putra badhe caos bebingah awit saking tambahing yuswanipun Ibu.
Atur kula:
Sugeng
tanggap warsa Ibu. Mugiya tansah pinaringan kasarasan saha berkahing Gusti.
Mugi-ugi menapa ingkang dados pangajabipun saged kalaksanan. Amin. Kula ingkang
putra boten saged caos menapa-menapa. Namung donga ingkang tansah konjuk
dhateng Gusti kangge Ibu.
Wangsulan:
Iya
ndhuk. Maturuwun awit saka pandongamu. Aku ora njaluk apa-apa saka awakmu. Pandongamu
kang tansah konjuk dhateng Gusti kanthi iklas iku wis gawe Ibu bombong.
17. Kula
kadhapuk dados sie Humas wonten ing adicara Pentas Akhir Kepengurusan Hima Jawa
FBS UNY. Kula dipundhawuhi supados nyaosaken serat uleman kangge Pak Suwardi
minangka ketua jurusan supados saged paring sambutan wonten ing malam puncak
PAK menika.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Pak. Kula minangka sesulih aking panitia PAK, sowan dhateng mriki
saperlu badhe nyaosaken uleman menika. Kasuwun Bapak kersa paring sambutan
wonten ing malam puncak PAK ingkang badhe kalaksanan dinten setu benjing surya 23
Desember 2017. Maturnuwun.
Wangsulan:
Nyuwun
pangapunten ndhuk. Kula boten saged rawuh
amargi kula badhe dhateng Jakarta. Cobi sowan kaliyan Bu Nur mbok menawa
saged rawuh.
18. Kula gadhah kanca putra nama Sahrul. Wonten
ing satunggaling dinten, Sahrul dipundhawuhi supados nepangaken kula dhateng tiyang
sepuhipun. Lajeng kula sowan dhateng dalemipun Sahrul saperlu nepangaken awak
kula.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Pak, Bu. Kepareng matur, kula sowan mriki ingkang sepisan saperlu
silaturahmi kaliyan Bapak Ibu sakluwarga. Ingkang angka kalih, kula badhe
nepangaken awak kula. Kula Yani, kancanipun mas Sahrul. Ngendikanipun mas
Sahrul bilih Bapak kaliyan Ibu ngersakakaen kangge pinanggih kaliyan kula.
Wangsulan:
Oiya
ndhuk. Aku pancen ndhawuhi Sahrul supaya isa nepangake awakmu marang Bapak karo
Ibu, supayane Bapak karo Ibu isa kenal karo awakmu. Maturnuwun kowe wis gelem
teka rene.
19. Kelas
12 IPA 1 SMAN 1 Purbalingga ngawontenaken adicara sukuran kelulusan saha
perpisahan kelas. Amargi kula menika ketua kelas, kula makili kanca-kanca matur
wonten adicara menika.
Atur kula:
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Puji
sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kasarasan dhumateng
kula saha panjenengan sedaya katitik ing wekdal menika kita saged kempal wonten
ing adicara sukuran kelulusan saha perpisahan kelas. Kula minangka sesulih
saking kanca-kanca badhe ngaturaken maturnuwun
awit saking setunggal warsa menika kita tansah sesarengan anggenipun
ngangsu kawruh wonten kelas 12 IPA 1. Alhamdulillah menapa ingkang sampun kula
lan panjenengan upayakaken saged nuwuhaken kasil ingkang sae awit kelas menika
saged lulus kanthi biji ingkang boten nguciwani. Sadangunipun kita sesarengan
ngangsu kawruh wonten kelas kalih welas menika tamtu kemawon kathah kalepatan
ingkang kula saha panjenengan sengaja ugi ingkang boten kita sengaja mangga
kita tansah sami paring pangapunten.
Bibar
menika kita badhe mlampah nggayuh menapa ingkang dados pangajabipun
piyambak-piyambak. Kula namung saged paring pandonga kangge panjenengan sadaya.
Ingkang badhe nglajengken kuliah mugi tansah dipunparingi kelancaran, semanten
ugi ingkang badhe makarya mugi dipunparingi gampil.
Kula
namung saged nyuwun supados tansah njagi sailaturahmi menika sadangunipun
gesang wonten alam donya. Mugi-mugi saged kepanggih malih wonten kalodhangan
wekdal sanes kanthi kasil piyambak-piyambak ingkang sampun sami sukses. Amin.
Wusana
cekap semanten anggen kula matur, kathah klenta-klentunipun kula nyuwun
agunging samudra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
20. Ibu
kula badhe ngawontenaken adicara tahlil kangge mengeti sewu dintenipun Almarhum
Bapak kula. Kula dipundhawuhi supados saged ngaturi para tanggi supados saged
ngrawuhi adicara menika. Kula sowan dhateng dalemipun tanggi kula setunggal
baka setunggal.
Atur kula:
Nyuwun
pangapunten Pak. Kepareng matur, kula minangka sesulih saking Ibu, ingkang
sepisan sowan mriki kangge silaturahmi kaliyan Bapak sakluwarga. Ingkang angka
kalih, kula dipundhawuhi dening Ibu supados ngaturi Bapak kangge kersa rawuh
wonten ing adicara tahlil mengeti sewu dintenipun Almarhum Bapak kula igkang
insaallah badhe kalaksanan mangke sonten
sakbibaripun salat Isa.
Wangsulan:
Oiya
ndhuk, insaallah mengko aku teka rana.