Rabu, 27 Desember 2017

cara matur



20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos
1.      Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan kenduren kangge tanggi.
Matur nalika nyaosaken:
Pak, kula dipundhawuhi Ibu supados nyosaken dhaharan kenduren. Inggih namung arupi kados menika.
Wangsulan:
Inggih, maturke karo Ibu, maturnuwun wis ngeweneni maeman.
2.      Salah satunggalipun kanca SMA kula wonten ingkang saweg nandang kesripahan inggih menika Bapakipun tilar dunya. Lare-lare OSIS sami takziah minangka sesulih saking warga SMA. Kula dipunsuwun supados matur dhateng kluwarganipun.
Atur belasungkawa:
Assalamualaikum. Kula sakanca dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang angka kalih, kula minangka sesulih saking warga SMAN 1 Purbalingga ngaturaken belasungkawa awit saking tilar dunyanipun Bapakipun mbak Siti. Mugi-mugi amal ibadahipun dipuntampi wonten ngarsanipun Gusti saha kluwarga ingkang dipun tilar tansah pinaringan sabar saha tawakal.
Wangsulan:
Assalamulaikum. Kula minangka sesulih saking kluwarga mbak Siti ngaturaken agunging panuwun dhateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh dhateng mriki. Maturnuwun awit saking pandonganipun panjenengan sedaya.
3.      Wonten ing satunggaling dinten, kula badhe sowan dhateng dalemipun dosen kula saperlu badhe bimbingan skripsi. Ananging kula boten mangertos dalemipun. Lajeng kula nyuwun pirsa dhateng tiyang ngengingi dalemipun dosen kula menika.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Bapak, kula badhe nyuwun pirsa dalemipun Ibu Dina minangka dosen Bahasa Jawa wonten ing UNY menika sisih pundi inggih?
Wangsulan:
Mbake bablas, mangke wonten pertelon, ngiwa. Lajeng bablas. Dalemipun wonten sisih kiwa saking margi ingkang warni pethak.
4.      Wonten ing satunggaling dinten, kula badhe ngempalaken tugas wonten ing palenggahanipun Pak Purwadi minangka dosen mata kuliah nyekar macapat. Ananging kula boten mangertos palenggahanipun wonten siish pundi. Lajeng kula nyuwun pirsa dhateng Pak Agus minangka admin jurusan.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak. Kepareng matur badhe nyuwun pirsa papan paenggahanipun Pak Pur menika wonten siish pundi inggih? Kula badhe nyaosaken tugas nyekar macapat menika.
Wangsulan:
Mbake bablas, palenggahane ing pojok kae.
5.      Wonten ing wiwitan semester 3, kula badhe nyuwun tapak asma KRS manual dhateng Pak Purwadi minangka Pembimbing Akademik.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak, kula Sri Wahyani saking kelas B 2016. Kula badhe nyuwun tapak asmanipun Bapak kangge KRS manual.
Wangsulan:
Oiya kene ndhuk.
6.      Nalika kangmas kula dados penganten, kula caos bebingah. Nalika caos bebingah kula matur:
Ndherek mangayubagya inggih mas. Mugiya dados kluwarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah saha enggal dipunparingi momongan, amin.
Wangsulan:
Iya dhik, amin. Maturnuwun awit saka pandongane ya.
7.      Nalika kula badhe damel KTP kula sowan dhateng kantor kepala desa saperlu badhe nyuwun dipundamelaken serat pengantar kkangge damel KTP.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak, kula sowan mriki ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang angka kalih, menawi kepareng kula badhe nyuwun dipundamelaken serat pengantar kangge damel KTP.
Wangsulan:
Iya ndhuk kene tak gawekne, njaluk identitasmu ya.
8.      Kula minangka pengurus mesjid wonten ing desa kula. Saking pengurus mesjid menika badhe ngawontenaken pengaosan ingkang mbetahaken arta ingkang radi kathah, satemah kula sakanca nyuwun pambiyantunipun para warga supados saged paring pambiyantu kangge adicara menika.
Atur kula nalika sowan wonten ing satunggaling griya warga:
Nyuwun pangapunten. Kepareng matur, kula minangka sesulih saking pengurus mesjid Al Fatih, sowan dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahmi kaliyan Bapak sakluwargi. Ingkang angka kalih inggih menika kula badhe nyuwun pambiyantunipun Bapak supados kersa paring pambiyantu kangge adicara pengaosan ingkang Insaallah badhe kalaksanan setu benjing.
Wangsulan:
Oiya ndhuk. Tapi ya njaluk pangapura, aku amung isa aweh pambiyantu sakmana kuwi.
9.      Wonten ing satunggaling dinten, mbakyu kula wonten ingkang wisuda lajeng kula caos bebingah kangge mbakyu kula menika.
Atur kula:
Ndherek mangayubagya awit saking sampun purnanipun anggen panjenengan ngangsu kawruh mbak. Mugi-mugi ngelmu ingkang sampun panjenengan gadhahi saged murakabi dhateng sedaya.
Wangsulan:
Iya dhek amin. Maturnuwun awit saka pandongane ya. Muga-muga kowe uga enggal rampung ya.
10.  Nalika dinten riyaya, kula nyuwun pangapunten dhateng Ibu awit saking sedaya kalepatan kula.
Atur kula:
Ngaturaken sugeng riyadi Ibu. Sedaya lepat kula nyuwun pangapunten.
Wangsulan:
Iya ndhuk, Ibu uga njaluk pangapura ya.
11.  Kula menika mahasiswa semester 3. Kula mbetahaken buku Etika Jawi kangge ngrampungaken tugas, ananging kula boten gadhah buku kasebat. Lajeng kula nyuwun ngampil dhateng mbakyu kula ingkang sampun semester 5.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten mbak. Menawi kepareng, kula badhe nyuwun ngampil buku Etika Jawi. Insaallah kula wangsulaken minggu ngajeng. Maturnuwun.
Wangsulan:
Oiya dhek. Ngko tak golekke ndisik.
12.  Bu Haki menika kagungan putra kakung ingkang saweg kuliah wonten ing UNY. Wekdal jadwalipun bayaran UKT, Bu Haki saweg boten kagungan arta. Lajeng Bu Haki sowan wonten griyanipun Bu Slamet saperlu nyuwun ngampil arta.
Atur Bu Haki:
Nyuwun pangapunten, kepareng matur. Kula sowan dhateng mriki ingkang sepisan badhe silaturahmi kaliyan Ibu Slamet sakluwarga. Ingkang angka menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil arta kali yuta saperlu badhe kangge mbayar UKT anak kula ingkang kuliah wonten UNY. Insaallah kula wangsulaken wulan ngajeng saksampunipun kula panen.
Wangsulan:
O inggih Ibu. Ananging nyuwun pangapunten kula namung saged ngampili setunggal yuta kemawon, amargi kua inggih badhe ngawontenaken kajatan inggih menika badhe ngundhuh mantu wonten ing wulan menika.
13.  Wonten kanca kula ingkang ingkang nama Misti saweg wawrat pitung wulan. Lajeng ngawontenaken upacara tingkeban. Kula minangka kanca, dhateng wonten adicara menika saha ndherek ngaturaken mangayu bagya.
Atur kula:
Ndherek mangayubagya inggih Mis. Mugi-mugi panjenengan kaliyan jabang bayinipun tansah pinaringan kasarasan, lajeng benjang dipunparingi gampang gangsar anggen nglairaken jabang bayi menika.
Wangsulan:
Inggih maturnuwun Yan awit saking pandonganipun.
14.  Kula menika mahasiswa semester wolu ingkang saweg damel skripsi. Kula badhe sowan saperlu konsultasi skripsi kaliyan pembimbing kula. Sakderengipun sowan kula mar
Atur kula saklebetipun sms:
Assalamualaikum, sugeng enjing Ibu.
Kula Sri Wahyani saking PBD B 2016. Benjing kula badhe sowan dhateng dalemipun Ibu saperlu kangge konsultasi skripsi. Menapa Ibu saged?
Maturnuwun.
15.  Mbakyu kula menika nembe kagugan putra. Lajeng kula dhateng dalemipun saperlu kangge ndherek mangayubagya.
Atur kula:
Ndherek mangayubagya awit saking sampun lair putra panjenengan ingkang mbajeng. Mugi-mugi saged dados putra ingkang saleh saha saged murakabi dhateng Bapak, Ibu, masarakat, bangsa lan nagari.
Wangsulan:
Amin. Maturnuwun awit saking pandonganipun dhek.
16.  Wonten ing satunggaling dinten, Ibu kula tanggap warsa ingkang kaping 40. Kula minangka putra badhe caos bebingah awit saking tambahing yuswanipun Ibu.
Atur kula:
Sugeng tanggap warsa Ibu. Mugiya tansah pinaringan kasarasan saha berkahing Gusti. Mugi-ugi menapa ingkang dados pangajabipun saged kalaksanan. Amin. Kula ingkang putra boten saged caos menapa-menapa. Namung donga ingkang tansah konjuk dhateng Gusti kangge Ibu.
Wangsulan:
Iya ndhuk. Maturuwun awit saka pandongamu. Aku ora njaluk apa-apa saka awakmu. Pandongamu kang tansah konjuk dhateng Gusti kanthi iklas iku wis gawe Ibu bombong.
17.  Kula kadhapuk dados sie Humas wonten ing adicara Pentas Akhir Kepengurusan Hima Jawa FBS UNY. Kula dipundhawuhi supados nyaosaken serat uleman kangge Pak Suwardi minangka ketua jurusan supados saged paring sambutan wonten ing malam puncak PAK menika.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak. Kula minangka sesulih aking panitia PAK, sowan dhateng mriki saperlu badhe nyaosaken uleman menika. Kasuwun Bapak kersa paring sambutan wonten ing malam puncak PAK ingkang badhe kalaksanan dinten setu benjing surya 23 Desember 2017. Maturnuwun.
Wangsulan:
Nyuwun pangapunten ndhuk. Kula boten saged rawuh  amargi kula badhe dhateng Jakarta. Cobi sowan kaliyan Bu Nur mbok menawa saged rawuh.
18.   Kula gadhah kanca putra nama Sahrul. Wonten ing satunggaling dinten, Sahrul dipundhawuhi supados nepangaken kula dhateng tiyang sepuhipun. Lajeng kula sowan dhateng dalemipun Sahrul saperlu nepangaken awak kula.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak, Bu. Kepareng matur, kula sowan mriki ingkang sepisan saperlu silaturahmi kaliyan Bapak Ibu sakluwarga. Ingkang angka kalih, kula badhe nepangaken awak kula. Kula Yani, kancanipun mas Sahrul. Ngendikanipun mas Sahrul bilih Bapak kaliyan Ibu ngersakakaen kangge pinanggih kaliyan kula.
Wangsulan:
Oiya ndhuk. Aku pancen ndhawuhi Sahrul supaya isa nepangake awakmu marang Bapak karo Ibu, supayane Bapak karo Ibu isa kenal karo awakmu. Maturnuwun kowe wis gelem teka rene.
19.  Kelas 12 IPA 1 SMAN 1 Purbalingga ngawontenaken adicara sukuran kelulusan saha perpisahan kelas. Amargi kula menika ketua kelas, kula makili kanca-kanca matur wonten adicara menika.
Atur kula:
Assalamualaikum Wr. Wb.
Puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kula saha panjenengan sedaya katitik ing wekdal menika kita saged kempal wonten ing adicara sukuran kelulusan saha perpisahan kelas. Kula minangka sesulih saking kanca-kanca badhe ngaturaken maturnuwun  awit saking setunggal warsa menika kita tansah sesarengan anggenipun ngangsu kawruh wonten kelas 12 IPA 1. Alhamdulillah menapa ingkang sampun kula lan panjenengan upayakaken saged nuwuhaken kasil ingkang sae awit kelas menika saged lulus kanthi biji ingkang boten nguciwani. Sadangunipun kita sesarengan ngangsu kawruh wonten kelas kalih welas menika tamtu kemawon kathah kalepatan ingkang kula saha panjenengan sengaja ugi ingkang boten kita sengaja mangga kita tansah sami paring pangapunten.
Bibar menika kita badhe mlampah nggayuh menapa ingkang dados pangajabipun piyambak-piyambak. Kula namung saged paring pandonga kangge panjenengan sadaya. Ingkang badhe nglajengken kuliah mugi tansah dipunparingi kelancaran, semanten ugi ingkang badhe makarya mugi dipunparingi gampil.
Kula namung saged nyuwun supados tansah njagi sailaturahmi menika sadangunipun gesang wonten alam donya. Mugi-mugi saged kepanggih malih wonten kalodhangan wekdal sanes kanthi kasil piyambak-piyambak ingkang sampun sami sukses. Amin.
Wusana cekap semanten anggen kula matur, kathah klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
20.  Ibu kula badhe ngawontenaken adicara tahlil kangge mengeti sewu dintenipun Almarhum Bapak kula. Kula dipundhawuhi supados saged ngaturi para tanggi supados saged ngrawuhi adicara menika. Kula sowan dhateng dalemipun tanggi kula setunggal baka setunggal.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak. Kepareng matur, kula minangka sesulih saking Ibu, ingkang sepisan sowan mriki kangge silaturahmi kaliyan Bapak sakluwarga. Ingkang angka kalih, kula dipundhawuhi dening Ibu supados ngaturi Bapak kangge kersa rawuh wonten ing adicara tahlil mengeti sewu dintenipun Almarhum Bapak kula igkang insaallah badhe kalaksanan  mangke sonten sakbibaripun salat Isa.
Wangsulan:
Oiya ndhuk, insaallah mengko aku teka rana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...