Rabu, 27 Desember 2017

cara matur



20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos
1.      Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan kenduren kangge tanggi.
Matur nalika nyaosaken:
Pak, kula dipundhawuhi Ibu supados nyosaken dhaharan kenduren. Inggih namung arupi kados menika.
Wangsulan:
Inggih, maturke karo Ibu, maturnuwun wis ngeweneni maeman.
2.      Salah satunggalipun kanca SMA kula wonten ingkang saweg nandang kesripahan inggih menika Bapakipun tilar dunya. Lare-lare OSIS sami takziah minangka sesulih saking warga SMA. Kula dipunsuwun supados matur dhateng kluwarganipun.
Atur belasungkawa:
Assalamualaikum. Kula sakanca dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang angka kalih, kula minangka sesulih saking warga SMAN 1 Purbalingga ngaturaken belasungkawa awit saking tilar dunyanipun Bapakipun mbak Siti. Mugi-mugi amal ibadahipun dipuntampi wonten ngarsanipun Gusti saha kluwarga ingkang dipun tilar tansah pinaringan sabar saha tawakal.
Wangsulan:
Assalamulaikum. Kula minangka sesulih saking kluwarga mbak Siti ngaturaken agunging panuwun dhateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh dhateng mriki. Maturnuwun awit saking pandonganipun panjenengan sedaya.
3.      Wonten ing satunggaling dinten, kula badhe sowan dhateng dalemipun dosen kula saperlu badhe bimbingan skripsi. Ananging kula boten mangertos dalemipun. Lajeng kula nyuwun pirsa dhateng tiyang ngengingi dalemipun dosen kula menika.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Bapak, kula badhe nyuwun pirsa dalemipun Ibu Dina minangka dosen Bahasa Jawa wonten ing UNY menika sisih pundi inggih?
Wangsulan:
Mbake bablas, mangke wonten pertelon, ngiwa. Lajeng bablas. Dalemipun wonten sisih kiwa saking margi ingkang warni pethak.
4.      Wonten ing satunggaling dinten, kula badhe ngempalaken tugas wonten ing palenggahanipun Pak Purwadi minangka dosen mata kuliah nyekar macapat. Ananging kula boten mangertos palenggahanipun wonten siish pundi. Lajeng kula nyuwun pirsa dhateng Pak Agus minangka admin jurusan.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak. Kepareng matur badhe nyuwun pirsa papan paenggahanipun Pak Pur menika wonten siish pundi inggih? Kula badhe nyaosaken tugas nyekar macapat menika.
Wangsulan:
Mbake bablas, palenggahane ing pojok kae.
5.      Wonten ing wiwitan semester 3, kula badhe nyuwun tapak asma KRS manual dhateng Pak Purwadi minangka Pembimbing Akademik.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak, kula Sri Wahyani saking kelas B 2016. Kula badhe nyuwun tapak asmanipun Bapak kangge KRS manual.
Wangsulan:
Oiya kene ndhuk.
6.      Nalika kangmas kula dados penganten, kula caos bebingah. Nalika caos bebingah kula matur:
Ndherek mangayubagya inggih mas. Mugiya dados kluwarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah saha enggal dipunparingi momongan, amin.
Wangsulan:
Iya dhik, amin. Maturnuwun awit saka pandongane ya.
7.      Nalika kula badhe damel KTP kula sowan dhateng kantor kepala desa saperlu badhe nyuwun dipundamelaken serat pengantar kkangge damel KTP.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak, kula sowan mriki ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang angka kalih, menawi kepareng kula badhe nyuwun dipundamelaken serat pengantar kangge damel KTP.
Wangsulan:
Iya ndhuk kene tak gawekne, njaluk identitasmu ya.
8.      Kula minangka pengurus mesjid wonten ing desa kula. Saking pengurus mesjid menika badhe ngawontenaken pengaosan ingkang mbetahaken arta ingkang radi kathah, satemah kula sakanca nyuwun pambiyantunipun para warga supados saged paring pambiyantu kangge adicara menika.
Atur kula nalika sowan wonten ing satunggaling griya warga:
Nyuwun pangapunten. Kepareng matur, kula minangka sesulih saking pengurus mesjid Al Fatih, sowan dhateng mriki, ingkang sepisan badhe silaturahmi kaliyan Bapak sakluwargi. Ingkang angka kalih inggih menika kula badhe nyuwun pambiyantunipun Bapak supados kersa paring pambiyantu kangge adicara pengaosan ingkang Insaallah badhe kalaksanan setu benjing.
Wangsulan:
Oiya ndhuk. Tapi ya njaluk pangapura, aku amung isa aweh pambiyantu sakmana kuwi.
9.      Wonten ing satunggaling dinten, mbakyu kula wonten ingkang wisuda lajeng kula caos bebingah kangge mbakyu kula menika.
Atur kula:
Ndherek mangayubagya awit saking sampun purnanipun anggen panjenengan ngangsu kawruh mbak. Mugi-mugi ngelmu ingkang sampun panjenengan gadhahi saged murakabi dhateng sedaya.
Wangsulan:
Iya dhek amin. Maturnuwun awit saka pandongane ya. Muga-muga kowe uga enggal rampung ya.
10.  Nalika dinten riyaya, kula nyuwun pangapunten dhateng Ibu awit saking sedaya kalepatan kula.
Atur kula:
Ngaturaken sugeng riyadi Ibu. Sedaya lepat kula nyuwun pangapunten.
Wangsulan:
Iya ndhuk, Ibu uga njaluk pangapura ya.
11.  Kula menika mahasiswa semester 3. Kula mbetahaken buku Etika Jawi kangge ngrampungaken tugas, ananging kula boten gadhah buku kasebat. Lajeng kula nyuwun ngampil dhateng mbakyu kula ingkang sampun semester 5.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten mbak. Menawi kepareng, kula badhe nyuwun ngampil buku Etika Jawi. Insaallah kula wangsulaken minggu ngajeng. Maturnuwun.
Wangsulan:
Oiya dhek. Ngko tak golekke ndisik.
12.  Bu Haki menika kagungan putra kakung ingkang saweg kuliah wonten ing UNY. Wekdal jadwalipun bayaran UKT, Bu Haki saweg boten kagungan arta. Lajeng Bu Haki sowan wonten griyanipun Bu Slamet saperlu nyuwun ngampil arta.
Atur Bu Haki:
Nyuwun pangapunten, kepareng matur. Kula sowan dhateng mriki ingkang sepisan badhe silaturahmi kaliyan Ibu Slamet sakluwarga. Ingkang angka menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil arta kali yuta saperlu badhe kangge mbayar UKT anak kula ingkang kuliah wonten UNY. Insaallah kula wangsulaken wulan ngajeng saksampunipun kula panen.
Wangsulan:
O inggih Ibu. Ananging nyuwun pangapunten kula namung saged ngampili setunggal yuta kemawon, amargi kua inggih badhe ngawontenaken kajatan inggih menika badhe ngundhuh mantu wonten ing wulan menika.
13.  Wonten kanca kula ingkang ingkang nama Misti saweg wawrat pitung wulan. Lajeng ngawontenaken upacara tingkeban. Kula minangka kanca, dhateng wonten adicara menika saha ndherek ngaturaken mangayu bagya.
Atur kula:
Ndherek mangayubagya inggih Mis. Mugi-mugi panjenengan kaliyan jabang bayinipun tansah pinaringan kasarasan, lajeng benjang dipunparingi gampang gangsar anggen nglairaken jabang bayi menika.
Wangsulan:
Inggih maturnuwun Yan awit saking pandonganipun.
14.  Kula menika mahasiswa semester wolu ingkang saweg damel skripsi. Kula badhe sowan saperlu konsultasi skripsi kaliyan pembimbing kula. Sakderengipun sowan kula mar
Atur kula saklebetipun sms:
Assalamualaikum, sugeng enjing Ibu.
Kula Sri Wahyani saking PBD B 2016. Benjing kula badhe sowan dhateng dalemipun Ibu saperlu kangge konsultasi skripsi. Menapa Ibu saged?
Maturnuwun.
15.  Mbakyu kula menika nembe kagugan putra. Lajeng kula dhateng dalemipun saperlu kangge ndherek mangayubagya.
Atur kula:
Ndherek mangayubagya awit saking sampun lair putra panjenengan ingkang mbajeng. Mugi-mugi saged dados putra ingkang saleh saha saged murakabi dhateng Bapak, Ibu, masarakat, bangsa lan nagari.
Wangsulan:
Amin. Maturnuwun awit saking pandonganipun dhek.
16.  Wonten ing satunggaling dinten, Ibu kula tanggap warsa ingkang kaping 40. Kula minangka putra badhe caos bebingah awit saking tambahing yuswanipun Ibu.
Atur kula:
Sugeng tanggap warsa Ibu. Mugiya tansah pinaringan kasarasan saha berkahing Gusti. Mugi-ugi menapa ingkang dados pangajabipun saged kalaksanan. Amin. Kula ingkang putra boten saged caos menapa-menapa. Namung donga ingkang tansah konjuk dhateng Gusti kangge Ibu.
Wangsulan:
Iya ndhuk. Maturuwun awit saka pandongamu. Aku ora njaluk apa-apa saka awakmu. Pandongamu kang tansah konjuk dhateng Gusti kanthi iklas iku wis gawe Ibu bombong.
17.  Kula kadhapuk dados sie Humas wonten ing adicara Pentas Akhir Kepengurusan Hima Jawa FBS UNY. Kula dipundhawuhi supados nyaosaken serat uleman kangge Pak Suwardi minangka ketua jurusan supados saged paring sambutan wonten ing malam puncak PAK menika.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak. Kula minangka sesulih aking panitia PAK, sowan dhateng mriki saperlu badhe nyaosaken uleman menika. Kasuwun Bapak kersa paring sambutan wonten ing malam puncak PAK ingkang badhe kalaksanan dinten setu benjing surya 23 Desember 2017. Maturnuwun.
Wangsulan:
Nyuwun pangapunten ndhuk. Kula boten saged rawuh  amargi kula badhe dhateng Jakarta. Cobi sowan kaliyan Bu Nur mbok menawa saged rawuh.
18.   Kula gadhah kanca putra nama Sahrul. Wonten ing satunggaling dinten, Sahrul dipundhawuhi supados nepangaken kula dhateng tiyang sepuhipun. Lajeng kula sowan dhateng dalemipun Sahrul saperlu nepangaken awak kula.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak, Bu. Kepareng matur, kula sowan mriki ingkang sepisan saperlu silaturahmi kaliyan Bapak Ibu sakluwarga. Ingkang angka kalih, kula badhe nepangaken awak kula. Kula Yani, kancanipun mas Sahrul. Ngendikanipun mas Sahrul bilih Bapak kaliyan Ibu ngersakakaen kangge pinanggih kaliyan kula.
Wangsulan:
Oiya ndhuk. Aku pancen ndhawuhi Sahrul supaya isa nepangake awakmu marang Bapak karo Ibu, supayane Bapak karo Ibu isa kenal karo awakmu. Maturnuwun kowe wis gelem teka rene.
19.  Kelas 12 IPA 1 SMAN 1 Purbalingga ngawontenaken adicara sukuran kelulusan saha perpisahan kelas. Amargi kula menika ketua kelas, kula makili kanca-kanca matur wonten adicara menika.
Atur kula:
Assalamualaikum Wr. Wb.
Puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kula saha panjenengan sedaya katitik ing wekdal menika kita saged kempal wonten ing adicara sukuran kelulusan saha perpisahan kelas. Kula minangka sesulih saking kanca-kanca badhe ngaturaken maturnuwun  awit saking setunggal warsa menika kita tansah sesarengan anggenipun ngangsu kawruh wonten kelas 12 IPA 1. Alhamdulillah menapa ingkang sampun kula lan panjenengan upayakaken saged nuwuhaken kasil ingkang sae awit kelas menika saged lulus kanthi biji ingkang boten nguciwani. Sadangunipun kita sesarengan ngangsu kawruh wonten kelas kalih welas menika tamtu kemawon kathah kalepatan ingkang kula saha panjenengan sengaja ugi ingkang boten kita sengaja mangga kita tansah sami paring pangapunten.
Bibar menika kita badhe mlampah nggayuh menapa ingkang dados pangajabipun piyambak-piyambak. Kula namung saged paring pandonga kangge panjenengan sadaya. Ingkang badhe nglajengken kuliah mugi tansah dipunparingi kelancaran, semanten ugi ingkang badhe makarya mugi dipunparingi gampil.
Kula namung saged nyuwun supados tansah njagi sailaturahmi menika sadangunipun gesang wonten alam donya. Mugi-mugi saged kepanggih malih wonten kalodhangan wekdal sanes kanthi kasil piyambak-piyambak ingkang sampun sami sukses. Amin.
Wusana cekap semanten anggen kula matur, kathah klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
20.  Ibu kula badhe ngawontenaken adicara tahlil kangge mengeti sewu dintenipun Almarhum Bapak kula. Kula dipundhawuhi supados saged ngaturi para tanggi supados saged ngrawuhi adicara menika. Kula sowan dhateng dalemipun tanggi kula setunggal baka setunggal.
Atur kula:
Nyuwun pangapunten Pak. Kepareng matur, kula minangka sesulih saking Ibu, ingkang sepisan sowan mriki kangge silaturahmi kaliyan Bapak sakluwarga. Ingkang angka kalih, kula dipundhawuhi dening Ibu supados ngaturi Bapak kangge kersa rawuh wonten ing adicara tahlil mengeti sewu dintenipun Almarhum Bapak kula igkang insaallah badhe kalaksanan  mangke sonten sakbibaripun salat Isa.
Wangsulan:
Oiya ndhuk, insaallah mengko aku teka rana.

Senin, 25 Desember 2017

kampung klitih



HALAMAN JUDUL

MAKALAH
KAMPUNG KLITIH KANGGE UPAYA  NGIRANGI FENOMENA KLITIH WONTEN DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA
Dipunaturaken kangge njangkepi Ujian Akhir Semester mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya












Dening:
Sri Wahyani                                  (16205241051)


Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah
Fakultas Bahasa dan Seni
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2017


Puji sukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhateng panyerat satemah makalah kanthi irah-irahan “Kampung Klitih Kangge Upaya  Ngirangi Fenomena Klitih Wonten Daerah Istimewa Yogyakarta” saged kaimpun kangge njangkepi Ujian Akhir Semester mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya. Salawat sarta salam ugi konjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring safangatipun.
Panyeratan makalah punika saged pungkasan tamtu amargi panyengkuyung saking mapinten-pinten pihak. Awit saking punika, panyerat ngaturakaen agunging panuwun dhateng:
1.    Sri Hertanti Wulan S.Pd., M.Hum., minangka dosen Pendidikan Sosial Budaya.
2.    Tiyang sepuh kula ingkang sampun paring panyengkuyung saha pandonga dhateng panyerat.
3.    Kanca-kanca sedaya ingkang sampun paring pambiyantu satemah makalah menika saged kaimpun.
Tamtu kemawon panyeratan makalah punika dereng saged kawastanankanthi sampurna. Pramila sedaya panyaruwe sarta pamrayogidipuntampi kanthijembaring manah supados makalah punika saged langkung sae, jangkep saha saged sampurna. Mugi-mugi makalah punika gadhah paedah kangge sedayanipun ingkang maos makalah punika.

Yogyakarta, 18 Desember 2017


Panyerat


WOSING ISI


        IRAH-IRAHAN.. i
      PRAWACANA.. ii
      BAB I PURWAKA.. 5
C. Langkah-langkah Strategis ingkang Kedah Dipunlampahi…………………..................10
      BAB IV PANUTUP. 12
      Simpulan. 12

PURWAKA

A.  Dhasaring Pirembagan
Sakmenika, fenomena klitih sampun boten asing malih wonten ing masarakat. Klitih inggih punika satunggaling wujud kajahatan ingkang dipunlampahi dening rombongan remaja kanthi cara damel cilaka dhateng mengsahipun. Cara damel cilaka mengsahipun kanthi ngangge piranti kethul menapa dene piranthi landhep. Fenomena kados punika adamel masarakat boten anteng saben dintenipun.
Masarakat DIY sampun boten asing malih kaliyan fenomena menika. Wonten ing warsa 2016, puluhan kasus klitih kedadosan saha nglairaken korban jiwa. Kapolda DIY, Kombes Pol Ahmad Dofiri ngandharaken bilih ngantos pungkasaning warsa 2016 sampun kedadosan 43 kasus klitih ingkang kacatet dening pulisi tlatah DIY (Republika.co.id, dipunakses 09 Desember 2017). Wonten ing kalih wulan kepengker kacatet wonten 54 lare ingkang kenging kasus klitih (Solopos.com, dipunakses 09 Desember 2017). Media cetak Kedaulatan Rakyat wonten surya 2 Maret 2017 ngandharaken bilih wonten kalih korban kanthi tatu cekap parah amargi dipunbacok dening gangster klitih (Nicolaus Chrisna Yudha, 2017 : 1).
       Fenomena klitih saged kawontenan kapan kemawon saha wonten papan pundi kemawon. Ananging biasanipun kawontenan ing wanci dalu saha wonten papan-papan ingkang sepi. Aktivitas klitih menika asring kawontenan wonten dalan Kabupaten, dalan Tentara Pelajar, saha Ring Road Barat, amargi dalan kasebat sepi ing ndalu (Nicolaus Chrisna Yudha, 2017 : 3-4). Fenomena menika damel warga sami wedi. Kathah ingkang ngandharaken bilih sampun tambah waspada menawi mlampah wonten ing dalan ingkang sepi. Tuladhanipun Sri (23) ngandharaken bilih piyambakipun ngirangi aktivitas medal saking kos ing wanci dalu. (jogja.tribunnews.com, dipunakses 09 Desember 2017).
Penanganan fenomena klitih sakmenika boten cekap menawi namung nambah waspada kemawon. Pinten-pinten cara sampun dipunlampahi dening pemerintah saha masarakat DIY. Wonten ing sesorah rapat paripurna istimewa DPRD DIY Senen, 16 Oktober 2017, Sultan ngandharaken bilih penanganan masalah tawuran pelajar saha klitih dados salah satunggaling prioritas Gubernur DIY wonten ing gangsal taun ngajeng (jogja.tribunnews.com, dipunakses 10 Desember 2017). Kejawi menika, Dinas Pendidikan sesarengan kaliyan sekolah wiwit 2015 sampun nglaksanakaken pinten-pinten program kangge ngirangi fenomena kasebat, salah setunggalipun inggih menika ngawontenaken kerrjasama kaliyan pulisi supados kersa dados Pembina wonten ing upacara sekolah (www.republika.com, dipunakses 10 Desember 2017). Panegak ukum, ugi sampun paring ukuman kangge pelaku klitih. Tuladhanipun, Majelis Hakim Pengadilan Negeri (PN) Bantul wonten ing sidang putusan Jumat 13 Januari 2017 paring ukuman tiga ngantos gangsal warsa kunjara kangge para pelaku klitih (krjogja.com, dipunakses 10 Desember 2017).
Ananging, ngantos warsa 2017 menika klitih taksih damel wedi masarakat. Pinten-pinten cara sampun dipunlampahi kangge ngirangi fenomena kasebat. Pinten-pinten panaliten ngandharaken bilih factor ingkang nyebabaken fenomena klitih menika boen namung saking kluwarga, ananging ugi masarakat. Pramila, cara ingkang sampun dipunlampahi menika taksih kirang kangge ngirangi fenomena klitih, amargi ingkang kathah namung mriksani saking sisih kluwarga, sekolah saha pemerintah kemawon.satemah wonten ing kalodhangan menika, kula maringi satunggaling cara alternatif kangge ngirangi fenomena klitih saking sisih masarakat, amargi masarakat menika dados satunggaling faktor ngrembakanipun fenomena klitih.
B.  Underaning Perkawis
1.      Kados pundi gegaran kampung klitih menika?
2.      Sinten kemawon ingkang ndherek kangge pengimplementasian gegaran menika?
3.      Kados pundi langkah-langkah strategis kangge pengimplementasian gegaran menika?
C.  Ancasing Pirembagan
1.    Kados pundi gegaran kampung klitih menika?
2.    Sinten kemawon ingkang ndherek kangge pengimplementasian gegaran menika?
3.    Kados pundi langkah-langkah strategis kangge pengimplementasian gegaran menika?
GEGARAN TEORI

Sakmenika kathah kenakalan-kenakalan remaja ingkang damel wedi masarakat Yogyakarta. Kenakalan kasebat sanes kenakalan ingkang biasa amargi kenakalan kasebat ngantos damel tatu fisik saha ngrampas banda. Ingkang langkung parah inggih menika ngantos damel pati. Korban saking eknakalan kasebat inggih menika awit saking remaja, mahasiswa, ngantos dumugi tiyang sepuh. Fenomena kenakalan remaja kasebat dipunsebat kanthi istilah “Klitih” (Handoko. 2017 “Tinjauan Kriminologis Terhadap Kejahatan Yang Dilakukan Oleh Pelaku Aksi Klitih di Daerah Istimewa Yogyakarta ”http://repository.umy.ac.id/handle/123456789/15835[Online] dipunakses 10 Desember 2017)
Klitih inggih menika satunggaling wujud anarkisme remaja ingkang kondhang wonten ing Yogyakarta. Klitih inggih punika satunggaling wujud kajahatan ingkang dipunlampahi dening rombongan remaja kanthi cara damel cilaka dhateng mengsahipun. Cara damel cilaka mengsahipun kanthi ngangge piranti kethul menapa dene piranthi landhep. Fenomena kados punika adamel masarakat boten anteng saben dintenipun.
Awit saking menika, wonten ing sesorah rapat paripurna istimewa DPRD DIY Senen, 16 Oktober 2017, Sultan ngandharaken bilih penanganan masalah tawuran pelajar saha klitih dados salah satunggaling prioritas Gubernur DIY wonten ing gangsal taun ngajeng (jogja.tribunnews.com, dipunakses 10 Desember 2017). Kejawi menika, Dinas Pendidikan sesarengan kaliyan sekolah wiwit 2015 sampun nglaksanakaken pinten-pinten program kangge ngirangi fenomena kasebat, salah setunggalipun inggih menika ngawontenaken kerrjasama kaliyan pulisi supados kersa dados Pembina wonten ing upacara sekolah (www.republika.com, dipunakses 10 Desember 2017). Panegak ukum, ugi sampun paring ukuman kangge pelaku klitih. Tuladhanipun, Majelis Hakim Pengadilan Negeri (PN) Bantul wonten ing sidang putusan Jumat 13 Januari 2017 paring ukuman tiga ngantos gangsal warsa kunjara kangge para pelaku klitih (krjogja.com, dipunakses 10 Desember 2017).
Upaya sanesipun inggih menika kanthi sinau wonten ing sekolah wonten kelas-kelas wiwit SMP saha SMA supados sami tepang satemah saged ngirangi tawuran antarsekolah. Menika dipunandharaken dening Atmaji wonten ing saklebeting argument piyambakipun wonten ing tribunnews.com warsa 2017. Awit saking menika, sakjatosipun kathah upaya ingkang saged ngirangi kajahatan klitih menika.


BAB III
PIREMBAGAN

A.  Gegaran Kampung Klitih
Kampung klitih inggih menika kampung rancangan kangge upaya  fenomena klitih wonten ing Daerah Istimewa Yogyakarta. Kajahatan klitih menika sampun kalaksanan wonten ing pinten-pinten papan ing DIY awit saking tigang warsa kepengker ngantos dumugi sakmenika. Klitih langkung identik kaliyan geng montor kanthi anggota pelajar ingkang yuswanipun sakngandhapipun 17 warsa ingkang taksih prelu pengawasann saking pinten-pinten pihak. Biasanipun geng-geng menika beroperasi wonten ing wanci-wanci badhe subuh. Para pelaku kedah pikantuk perhatia ingkang langkung saking tiyang sepuhipun. Kejawi saking menika lingkungan sakiwa tengenipun ugi kedah paring perhatian dhateng lare-lare menika nalika sami medal wanci istirahat.
Upaya-upaya ingkang sampun dipunlaksanakaken dening kluwarga, sekolah, menapa dene pemerintah taksih kirang amargi kasus menika boten saya surut ananging saya ageng ingkang sampun kadaftar wonten Polda DIY piyambak. Perkawis menika saged andadosaken kasus menika mendarah daging wonten ing DIY masarakat kirang peka saha tanggap babagan kahanan menika. Masarakat namung sewates wedi. Wonten ing satunggaling panaliten ingkang dipunlaksanakaken dening mahasiswa UNY kanthi irah-irahan “Pengaruh Hate Speech Terhadap Peningkatan Angka Kekerasan oleh Pelajar SMA di Kota Yogyakarta” ingkang ngandharaken bilih wonten ing wawancaranipun kaliyan satunggaling narasumber ingkang boten sanes inggih mantan pelaku klitih wonten ing tlatah Bantul ngandharaken bilih perhatian masarakat dhateng para mantan menika boten sae mangka para mantan menika sampun eling saha boten nglampahi perkawis menika malih amargi perkawis menika sami dipunlampahi nalika taksih sami dados pelajar ingkang taksih pados jati diri. Menapa kemawon ingkang dipun ayahi dening para mantan dipunanggep klentu saha tetep dipuncap bekas utawi mantan narapidana. Kejawi saking menika masarakat ugi langkung ngedalaken sikap acuh nalika wonten fenomena klitih ing sakiwa tengenipun. Masarakat ngraosaken menawi fenomena menika sanes urusanipun. Masarakat ugi ngraos wedi menawi mangke ndherek dados korban. Awit saking menika, masarakat ingkang kedahipun dados papan para mantan, pelaku menapa dene calon anggota klitih kedah langkung paring perhatian saha pangertosan amargi sakjatosipun para mantan, pelaku, menapa dene calon gadhah kekajengan supados dipunakoni wonten ing masarakat.
Awit saking menika, kedah dipunadegaken kampung klitih kangge upaya  kajahatan klitih kanthi andadosaken masarakat dados aktor utama saking rancangan kampung klitih, supados saged langkung paring pangertosan dhateng para mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih ingkang mbetahaken pengakuan saking masarakat.

B.  Pihak-pihak ingkang Ngawujudaken Gegaran
1.      Masarakat inggih menika pihak ingkang saged mastekaken kalaksanan saha pangrembakanipun saking gegaran menika.
2.      Pemerintah inggih menika pihak ingkang anggadhahi wewenang babagan ukum saha tanggeljawab kangge sosialisasi babagan menika.
3.      Kluwarga inggih menika pihak ingkag anggadhahi tanggeljawab kangge maringi pangertosan dhateng para mantan, pelaku menapa dene calon anggota klitih.
4.      Sekolah inggih menika pihak ingkang paring pangertosan babagan interaksi kaliyan tiyang sanes, kejawi saking menika ugi damel aturan ingkang murakabi dhateng para mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih.
5.      Para psikolog inggih menika pihak ingkang paring pangertosan kangge para mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih bilih pados jati dirii menika perkawis ingkang lumrah, saha paring arah supados ampun padosa peduli dhateng perkawis ingkang saged andadosaken boten sae. Ugi nguataken mentakl saha rehabilitasi.
6.      Pakar hukum inggih meika pihak ingkang anggadhahi wewenang kangge paring solusi peanganan kajahatan ingkang dipunlampahi dening para mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih.

C.  Langkah-langkah Strategis ingkang Kedah Dipunlampahi
1.      Nemtokaken tlatah ingkang wonten mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih saha andadosaken tlatah menika kangge pengimplementasian gegaran inggih menika kampung klitih.
2.      Pados tokoh-tokoh masarakat menapa dene agami kangge dipundadosaken pihak ingkang saged paring pambiyantu wonten ing proses upaya  kajahatan klitih.
3.      Ngawontenaken sosialisasi upaya  fenomena klitih satemah hubungan antawisipun masarakat kaliyan para mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih menika saged sae.

4.     
BAB IV
PANUTUP

Simpulan
Kampung Klitih kangge upaya  fenomena klitih wonten ing masarakat menika solusi alternatif ingkang saged dipunginakaken kangge  kajahatan klitih wonten ing Daerah Istimewa Yogyakarta saking pinten-pinten upaya ingkang sampun dipunlaksanakaken dening kluwarga, sekolah, menapa dene pemerintah. Saha kangge satunggaling cara supados para mantan, pelaku, menapa dene calon anggota klitih pikantuk pengakuan saking masarakat satemah saged  kajahatan klitih wonten Daerah Istimewa Yogyakarta.

DAFTAR PUSTAKA


Yudha, Nicolaus Chrisna. 2017. Pengorganisiran Ketakutan dalam Identitas Sosial
: Studi Kasus Gengster Klitig Kursi Putih di Yogyakarta. Skripsi. Prodi
Psikologi. Fakultas Psikologi. Universitas Sanata Dharma.





Handoko. 2017 “ Tinjauan Kriminologis Terhadap Kejahatan Yang Dilakukan Oleh Pelaku Aksi Klitih di Daerah Istimewa Yogyakarta” http://repository.umy.ac.id/handle/123456789/15835[Online] dipunakses 10 Desember 2017)




 

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...