Senin, 30 Oktober 2017

Geguritan Mituhu



Mituhu
Dening : Sri Wahyani
Gegodhongan ing alas iku wus saya garing
Ngalor ngidul katerak angin ing mangsa katiga
Klaras garing ing plataran kae wus saya sengkleh
Asrah nunggu wancine tumiba ing lemah
Gegodhongan kang tumiba ing kalen kae
Manut mituhu marang miline banyu
Mangkana uga Putri kang wus kagarwa iku
Kudu manut mituhu marang kang kakung

Minggu, 29 Oktober 2017

Pucung



Pucung
Ilmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Sabtu, 28 Oktober 2017

Kinanthi



Kinanthi
Padha gulangan ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Cegah dhahar lawan guling

Jumat, 27 Oktober 2017

Artikel

Nyaketaken ingkang tebih, nebihaken ingkang caket
Dening : Sri Wahyani

Foto kapendhet rikala 16 Juni 2017 tabuh 13.57
Wonten ing Fakultas Ilmu Sosial universitas Negeri Yogyakarta

Masarakat Jawi inggih menika masarakat ingkang kondhang kaliyan sebatanipun masarakat ingkang remen srawung. Sipat sumeh saha menyedulur adamel tiyang Jawi gampil dipunsrawungi. Rikala jaman dereng modern, masarakat Jawi dereng mangertos babagan teknologi. Ananging, menawi dipunbandhingaken kaliyan jaman sakmenika, istilah teknologi sampun boten asing malih. Teknologi sampun sumebar wonten ing sedaya sisih jagad, kalebet ing pakarangan Jawi. Lumrahipun, masarakat Jawi sampun kenal kaliyan menapa dene ingkang dipunwastani teknologi. Kanthi sumebaring teknologi  kala wau, mesthinipun ngemot dampak positif kaliyan dampak negative wonten ing pagesangan.
Miturut etimologi, tembung teknologi dumadi saking kalih tembung inggih menika ”techne” utawi “techton” kaliyan “logos”. Kalih tembung menika saking basa Yunani. Techton utawi techne anggadhahi artos inggih menika kaprigelan saha logos artosipun inggih menika ngelmu. Dados, teknologi inggih menika ngelmu babagan kaprigelan. Handphone utawi ingkang kulina dipunsingkat Hp, inggih menika salah satunggalipun teknologi komunikasi ingkang lair awit saking wontenipun teknologi kala wau. Teknologi komunikasi inggih menika piranti ingkang nggathukaken aspek sosial ingkang nggampilaken saben tiyang saged pikantuk, ngirim, saha sami tukeran informasi kaliyan tiyang lintunipun. Awit saking menika, saben tiyang saged pados informasi ingkang dipunbetahaken mawi teknologi komunikasi kala wau. Mekaripun komunikasi ingkang cepet menika dipundhorong kanthi wontenipun mapinten-pinten pamanggihan teknologi, satemah menapa ingkang rumiyin dados masalah wonten ing babagan komunikasi, sakmenika sampun boten dados masalah malih. Tiyang saged ngandharaken menapa ingkang dados kekajenganipun tanpa dipunwatesi kaliyan wekdal, jarak, cacah, kapasitas, lan kacepetan. Tuladhanipun inggih menika pangginaan satelit wonten ing komunikasi.
            Handphone inggih menika salah satunggalipun piranti ingkang ginanipun kangge nyambung komunikasi kanthi jarak ingkang tebih. Wonten ing warsa 70-an nagari-nagari maju wonten ing Eropa ngginakaken teknologi seluler kangge komunikasi. Wiwit warsa 1984, teknologi seluler tekan wonten ing Indonesia. Wonten ing warsa 1985-1992, handphone sampun sumebar wonten ing Indonesia, ananging taksih dereng patosa canggih. Handphone menika boten saged dipungembol wonten ing sak ageman amargi wujudipun ingkang dawa saha ageng. Bobotipun meh setengah kilo. Menawi dipunbandhingaken kaliyan sakmenika inggih cetha sampun beda, amargi sakmenika handphone sampun sami sae-sae. Tipis, gampil dipungembol.
Menawi dipunkaitaken kaliyan tujuh unsur kebudayaan, pamekaran teknologi komunikasi arupi handphone wonten kaitanipun kaliyan sistem pengetahuan saha sistem peralatan hidup dan teknologi. Kaitanipun kaliyan sistem pengetahuan inggih menika kangge damel handphone, cetha mbetahaken ngelmu pengetahuan ingkang saged nunjang proses damel handphone kala wau. Menawi boten wonten ngelmu pengetahuan ingkang dipunmangertosi dening manungsa, cetha handphone menika boten saged karipta menapa malih kasebar. Saklajengipun inggih menika kaitanipun kaliyan sistem peralatan hidup dan teknologi. Handphone inggih menika piranti ingkang dipunbetahakaen wonten ing pagesangan manungsa ingkang lair kanthi wontenipun teknologi.
            Rikala jaman biyen, wekdal dereng wonten teknologi arupi handphone, menawi badhe ngandharaken kekajengan mesthi kedah kepanggih langsung kaliyan tiyang ingkang badhe dipuntuju. Cetha beda kaliyan jaman sakmenika, jamanipun tiyang sami sampun kagungan handphone. Menawi wonten prelu boten kedah angel-angel kepanggih langsung kaliyan tiyang ingkang dentuju, cekap tilpun utawi ngirim pesan liwat handphone inggih menapa ingkang dados kekajenganipun saged dipunmangertosi dening tiyang ingkang dentuju menika.
Kanthi wontenipun handphone menika mesthinipun ngemot dampak positif kaliyan dampak negatif kangge peradaban manungsa. Boten kejawi inggih dampak positif kaliyan dampak negatif wonten ing sosial budaya masarakat Jawi. Ngingingi babagan dampak positif inggih sampun cetha kangge nggampilaken anggen komunikasi kanthi jarak ingkang tebih. Ananging kanthi wontenipun handphone menika uga anggadhahi dampak negatif kadosta ngurangi raos sosial wonten ing masarakat sakiwa tengenipun.
Fenomena ingkang sakmenika kedadosan inggih menika nalikane wonten sakrombongan tiyang ingkang saweg ngempal, piyambakipun malah sami langkung remen kangge dolanan handphone piyambak-piyambak, komunikasi kaliyan tiyang ingkang tebih ananging acuh kaliyan tiyang ingkang wonten ing sandhingipun. Kedadosan kados mekaten, trep menawi dipunjenengi “Nyaketaken ingkang tebih, nebihaken ingkang caket”.
Miturut pamanggih narasumber ingkang kula suwuni katrangan ngingingi kenging menapa piyambakipun langkung remen dolanan handphone piyambak saha acuh kaliyan tiyang sakiwa tengenipun. Narasumber menika ngandharaken bilih piyambakipun remen dolanan handphone piyambak amargi bingung badhe ngrembag babagan menapa kaliyan kanca ing sandhingipun. Piyambakipun ngandharaken menawi boten wonten babagan ingkang wigatos kangge dipunrembag satemah langkung milih dolanan handphone piyambak.
Pamecahan kangge masalah menika saged kawiwitan saking pribadhi kita piyambak. Kita kedah paham bilih sipat langkung remen dolanan handphone piyambak nalikane saweg kempal kaliyan tiyang sanes saha acuh marang tiyang sakiwa tengenipun menika klentu. Menawi saweg kempal kaliyan tiyang sanesipun, langkung prayogi menawi handphonei menika dipunselehaken rumiyin. Boten menapa menawi badhe komunikasi kaliyan tiyang ingkang tebih, ananging ampun ngantos acuh marang tiyang ingkang wonten sandhingipun.
Kanthi mekaripun teknologi komunikasi arupi handphone menika, kita dipuntuntut supados saged bijak anggenipun nyikapi pamekaran kasebat, satemah menapa ingkang dados tetenger kita menika tiyang ingkang seneng srawung boten kalindhih menapa malih ical.



Daftar Pustaka
Prawironoto, Hartanti. 1992. Dampak Masuknya Media Komunikasi Terhadap       Kehidupan Sosial Budaya Masyarakat Pedesaan Daerah Jawa Tengah.            Jawa Tengah : Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat        Jenderal Kebudayaan Direktorat SEjarah dan Nilai Tradisional Bagian        Proyek Inventarisasi dan Pembinaan Nilai-nilai Budaya.
Mulyana, Deddy. 2000. Ilmu Komunikasi. Bandung : PT Remaja Rosdakarya.
Koentjaraningrat. 1980. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Aksara Baru.
Zamroni, Mohammad. 2009. Perkembangan Teknologi Komunikasi dan Dampaknya Terhadap Kehidupan. Jurnal Dakwah. X (2) : 197-198.
tekno.kompas.com
http://hariannetral.com

Kamis, 26 Oktober 2017

cerkak



Amung Sakjam
Dening : Sri Wahyani
Kursi-kursi wus jinejer kanthi rapi. Akehe reroncening kembang nambah semangere umah iku. Pawongan-pawongan siji-siji padha teka ngebaki kursi-kursi kang wus jinejer kanthi rapi. Esem manise para tamu undhangan, pratandha swasana ati kang sumrengah. Siji-siji padha njupuk dhaharan kang wus cumawis ana ing meja sisih ngarep. Pak Gito, lungguh ngembul ana ing antarane tamu undhangan mau.
“Mangga la Pak Bu, padha didhahari dhaharane. Anane ya gur kaya kuwi.” Kandhane Pak Gito nyumanggakake para tamu kanggo ndhahari dhaharan kang wus cumawis.
“Lah iya iki Pak. Wus olih akeh malah.” Wangsulane Pak Iman.
“Piye rasane ameh ketekan tamu kang istimewa, Pak?” Pitakone Pak Salim.
“Rasane ya dag dig dug ora nggenah iki.”
“Ya cetha iya, wong lagi pisan iki nampa besan kok.” Kandhane Bu Ijem nyelani.
“Lah iya iki, Bu. Bingung aku kudu ngomong kepiye mengko.”
“Lah ya ora perlu digawe bingung ta, Pak. Kari ditampa wae karo mesem.” Wangsulane Bu Ijem.
“Lah, Bu Narti nang ngendi Pak?” Pitakone Bu Darsih.
“Bojoku ya lagi didandani bareng anak wadon kae nang kamar.”
“Kaya rusak wae didandani.” Kandhane Pak Iman nyelani.
“Ya didandani nganggo wedhak nganggo gincu men tambah ayu la Pak.”
“La iya kuwi. Brayan didandani men kaya manten anyar maneh.”
“Weh weh weh…”
“Mangga padha kepenak wae le dhahar. Tak tinggal nang mburi sedhela ya.” Kandhane Pak Gito karo pamit lunga menyang mburi nemoni anak lan bojone.
            Ora kacek suwe, Pak Gito metu maneh bareng karo anak Bojone. Pandhangan para tamu padha tumuju kabeh marang Asih, anak wadone Pak Gito kang ameh dadi manten dina iki. Dandanan solo basahan jangkep karo cundhuk mentule nambahi mrengile manten wadon mau.
            Asih enggal-enggal lungguh ana ing kursi kang wus cumawis ana ing sakpangarepane para tamu kabeh. Kringet adhem kang terus-terusan metu saka tangane Asih mratandhakake yen dheweke lagi gugup.
            Wus seprapat jam suwene anggon Asih lan para tamu kabeh nunggu tekane manten kakung lan pengulu. Wira-wiri Asih nylingak ndelengi dalan ngarep umah kanthi pangajab kang teka iku ya jaga bojone utawa pengulu, anganging ya udu, merga kang padha teka kuwi ya ora kejaba tamu undhangan kang kersa rawuh kanggo aweh donga restu ing acar mantenan kuwi.
“Pak, kok Mas Wawan menapa Pak pengulu dereng rawuh-rawuh nggih?” Pitakone Asih marang Bapake.
“Paling sedhela maneh cah ayu. Ora perlu kemrungsung, paling lagi padha ning dalan.” Wangsulane Pak Gito ngadhem-adhemi.
“Iya, ndhuk. Ora perlu sumelang kaya mangkana, mengko ayumu ilang la kuwi.” Kandhane Bu Narti melu ngadhem-adhemi Asih.
            Ora kacek suwi, keprungu swara wong ngaturake salam.
“Assalamualaikum…”
“Waalaikumsalam. La kae pengulune teka. Tak parani sikik ya. Wus kowe ora perlu pasang rai kecut kaya mangkana maneh ya Sih.” Kandhane Pak Gito njaluk pamit kanggo marani pengulu.
“Mangga Pak mangga… Mangga Pak lungguh wonten kursi menika.” Pangajake Pak Gito supaya pengulune lungguh ana ing kursi kang wus dencepakakake.
“Nyuwun pangapunten nggih Pak, amargi kula radha randhat. Mangkiniki macet wonten margi Pak.” Kandhane Pak pengulu njaluk pangapura.
“Inggih Pak boten menapa.”
“Mantene sampun siyap ta Pak?” Pitakone pengulu.
“Ingkang estri menika sampun Pak, ananging ingkang kakung menika taksih wonten margi.”
            Pak pengulu enggal-enggal lungguh ing sakpangarepane Asih. Asih saya gugup nalikane weruh pengulu ing sandhinge. Saikine dudu amung Asih, kluwarga saha para tamu kang nunggu tekane manten lanang, ananging tambah siji pawongan maneh yaiku pengulu.
            Wus stengah jam suwene anggone padha nunggu Wawan ananging urung teka-teka. Asih saya kuwatir.
“Manten kakung sampun dugi pundi nggih?” Pitakone Pak pengulu.
“Sekedhap Pak, menika badhe dipuntilpun.”
“Ndhuk coba Wawan mbok tilpun wae. Takoni wus tekan ngendi. Mosok wus suwe banget ora teka-teka.” Panjaluke Bu Narti marang anak wadone.
“Inggih Bu menika badhe kula tipun.”
            Bola-bali anggone Asih tipun wawan. Nomere aktif, ananging ora den angkat dening Wawan. Wus cetha iki gawe Asih saya kuwatir. Saikine dudu amung tangane kang metu kringet adhem, ananging kringet adheme kuwi metu liwat kabeh awake Asih. Ora kejaba ya raine kang wus dleweran kringet adhem, agawe lunture wedhak kang wus tumempel. Saikine raine dudu kebak karo wedhak ananging kebak karo kringet adhem.
“Kados pundi mbak?” Pitakone pengulu marang Asih.
“Mangke Pak sekedhap malih. Menika saweg kula tilpun.”
“Kira-kira isih suwe ora mbak? Yen isih suwe ameh tak tinggal ndisik. Aku ya ana undhangan kanggo ngijabake pawongan liya ana ing dhusun sebelah.”
            Krungu pangandikane pengulu, Asih saya bingung. Dandanane saiki wus awut-awutan ora tumata maneh.
            Amarga pengulu wus ora sranta anggone nunggu manten kakung, mula dheweke luwih milih kanggo lunga lan ngijabake pawongan liya. nalikane pengulu tekan ing lawang ngarep, katon ana rombongan mobil kang mandheg ing ngarep umah. Rai kecute Asih wus ilang. Saiki esem manise kapancar maneh nalikane weruh rombongan besan kang wus teka. Besan enggal-enggal mlebu lan lungguh ana papan kang wus dencawisake.
“Wan, ana apa kok lehmu teka randhat banget?” Pitakone Pak Gito marang Wawan.
“Nyuwun pangapunten Pak, mangkiniki wonten alangan ing margi.”
“Alangan kepiye Wan?”
“Bapak ampun maringi ngertos dhateng Asih rumiyin nggih Pak. Mangke Asih dupunparingi ngertos sakbibaripun ijab kemawon.”
“Piye ta Wan? Aja marai trataban. Mbok crita wae kanthi gambling.”
“Mangkiniki Bapak kula cilaka wonten margi Pak. Montore dentabrak mobil.”
“Innalillahi.. lah njuk saikine kepiye?”
“Sakmenika sampun dipunbekta wonten griya sakit Pak.”
“Menika siyos ngijab menapa boten nggih?” Pitakone Pak pengulu nyelani.
“Inggih siyos Pak, mangga dipunwiwiti.”
            Swasana bali maneh kaya dene wong kang ameh ngayahi ijab Kabul kaya biasane. Nalikane pengulu ngucapake ijab mangka Wawan ngucapake Kabul. Sanadyan akeh banget cobane ing wiwitan mau, ijab Kabul kalaksanan kanthi lancar. Raine Asih katon seneng banget. Ananging seneng kuwi ya amung sakwetara. Sakbubare pengulu ngucapake dunga, Wawan nampa tipun kanggo mangkat menyang daerah peperangan, atine Asih bali sumelang maneh.
“Tilpun saking sinten mas?” Pitakone Asih.
“Iki dhek, aku kudu mangkat menyang daerah peperangan amarga ana daerah kang kudu denjaga. Lilakna aku kanggo lunga dhek. Lungaku amung sedhela. Nalikane daerah iku wus aman, aku bakal langsung mulih kanggo nemoni sliramu.”
“Punapa kedah sakmenika mas?”
“Iya dhek, kudu saiki. Lilakna aku dhek.”
“Inggih kula lila mas, ayahi kuwajibanmu kanggo nagari, sakbubare kari ayahi kuwajibanmu kanggo bojomu iki.”
“Maturnuwun dhek. Kowe ora perlu sumelang, aku bakal mulih kok.”
            Wawan banjur lunga ninggalke bojo kang nembe denijab iku.
            Nalikane swasana wus radha tentrem, Pak Gito ngandharake apa kang durung den ngerteni dening Asih. Mangerteni apa kang denandharake Bapake kuwi, pikirane Asih saya ambyar.
“Ndhuk, Bapak ameh ngomong karo kowe.”
“Badhe sanjang menapa ta Pak?”
“Mayuh melu Bapak menyang rumah sakit.” Pangajake Pak Gito.
“Badhe tuwi sinten ta Pak?”
“Ngene tak kandhani. Mau bapake Wawan ketiban apes nalikane ameh menyang kene. Dheweke ketabrak mobil. Saikine nang rumah sakit. Mula mayuh padha niliki.”
“Innalillahi… inggih mangga Pak.”
            Asih lan wong tuwane banjur enggal-enggal menyang rumah sakit. Langsung dentemoni kluwargane Wawan kang lagi nunggu Pak Warta.
“Kados pundi kondisinipun Bapak Bu?” Pitakone Asih marang Bu Tuti.
“Bapak isih nang IGD Ndhuk.”
            Asih lan wong tuwane melu nunggu nang njaba ruang IGD bareng karo besane. Nalikane lagi padha nunggu, hp ne Asih moni pratandha ana tilpun. Den angkat tipun kuwi. Kaya ngapa kagete Asih amarga tilpun kuwi yaiku tipun kang nggawa kabar kang ora apik. Awake Asih kaya dene kulit tanpa balung, lemes ora nduweni daya. Luhe mili terus saka matane kang sipit iku. Rasane ambyar banget. Dheweke banjur semaput.
            Pak Gito lan liyane langsung nyedhaki Asih kang wus ora duwe daya.
            Mangerteni yen anak lanange tiwas ing peperangan, Pak Warta tiba ing patine.
            Kaya ngapa sedhihe Asih nalika dheweke melek saka semapute. Meleke kuwi dadi saya peteng mangerteni dheweke kang kelangan loro pawongan kang dentresnani ing dina ijabe.

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...