Dening : Sri Wahyani
![]() |
Foto kapendhet rikala 16 Juni 2017
tabuh 13.57
Wonten ing Fakultas Ilmu Sosial
universitas Negeri Yogyakarta
|
Masarakat
Jawi inggih menika masarakat ingkang kondhang kaliyan sebatanipun masarakat
ingkang remen srawung. Sipat sumeh saha menyedulur adamel tiyang Jawi gampil
dipunsrawungi. Rikala jaman dereng modern,
masarakat Jawi dereng mangertos babagan teknologi.
Ananging, menawi dipunbandhingaken kaliyan jaman sakmenika, istilah teknologi sampun boten asing malih. Teknologi sampun sumebar wonten ing
sedaya sisih jagad, kalebet ing pakarangan Jawi. Lumrahipun, masarakat Jawi
sampun kenal kaliyan menapa dene ingkang dipunwastani teknologi. Kanthi sumebaring teknologi
kala wau, mesthinipun ngemot dampak positif kaliyan dampak negative wonten ing pagesangan.
Miturut
etimologi, tembung teknologi dumadi saking kalih tembung
inggih menika ”techne” utawi “techton” kaliyan “logos”. Kalih tembung menika
saking basa Yunani. Techton utawi techne anggadhahi artos inggih menika
kaprigelan saha logos artosipun
inggih menika ngelmu. Dados, teknologi inggih
menika ngelmu babagan kaprigelan. Handphone
utawi ingkang kulina dipunsingkat Hp,
inggih menika salah satunggalipun teknologi
komunikasi ingkang lair awit saking wontenipun teknologi kala wau. Teknologi
komunikasi inggih menika piranti ingkang nggathukaken aspek sosial ingkang nggampilaken saben tiyang saged pikantuk, ngirim,
saha sami tukeran informasi kaliyan tiyang lintunipun. Awit saking menika,
saben tiyang saged pados informasi ingkang dipunbetahaken mawi teknologi komunikasi kala wau. Mekaripun
komunikasi ingkang cepet menika
dipundhorong kanthi wontenipun mapinten-pinten pamanggihan teknologi, satemah menapa ingkang rumiyin dados masalah wonten ing
babagan komunikasi, sakmenika sampun boten dados masalah malih. Tiyang saged
ngandharaken menapa ingkang dados kekajenganipun tanpa dipunwatesi kaliyan
wekdal, jarak, cacah, kapasitas, lan
kacepetan. Tuladhanipun inggih menika pangginaan satelit wonten ing komunikasi.
Handphone
inggih menika salah satunggalipun piranti ingkang ginanipun kangge nyambung
komunikasi kanthi jarak ingkang tebih. Wonten ing warsa 70-an nagari-nagari
maju wonten ing Eropa ngginakaken teknologi
seluler kangge komunikasi. Wiwit warsa 1984, teknologi seluler tekan wonten ing Indonesia. Wonten ing warsa
1985-1992, handphone sampun sumebar
wonten ing Indonesia, ananging taksih dereng patosa canggih. Handphone menika boten saged dipungembol wonten ing sak
ageman amargi wujudipun ingkang dawa saha ageng. Bobotipun meh setengah kilo.
Menawi dipunbandhingaken kaliyan sakmenika inggih cetha sampun beda, amargi
sakmenika handphone sampun sami sae-sae.
Tipis, gampil dipungembol.
Menawi
dipunkaitaken kaliyan tujuh unsur
kebudayaan, pamekaran teknologi
komunikasi arupi handphone wonten kaitanipun kaliyan sistem pengetahuan saha sistem
peralatan hidup dan teknologi. Kaitanipun kaliyan sistem pengetahuan inggih menika kangge damel handphone, cetha mbetahaken ngelmu pengetahuan ingkang saged nunjang proses damel handphone kala wau. Menawi boten wonten ngelmu pengetahuan ingkang dipunmangertosi dening manungsa, cetha handphone menika boten saged karipta menapa
malih kasebar. Saklajengipun inggih menika kaitanipun kaliyan sistem peralatan hidup dan teknologi. Handphone inggih menika piranti ingkang
dipunbetahakaen wonten ing pagesangan manungsa ingkang lair kanthi wontenipun teknologi.
Rikala jaman biyen, wekdal dereng
wonten teknologi arupi handphone, menawi badhe ngandharaken
kekajengan mesthi kedah kepanggih langsung kaliyan tiyang ingkang badhe
dipuntuju. Cetha beda kaliyan jaman sakmenika, jamanipun tiyang sami sampun kagungan
handphone. Menawi wonten prelu boten
kedah angel-angel kepanggih langsung kaliyan tiyang ingkang dentuju, cekap
tilpun utawi ngirim pesan liwat handphone
inggih menapa ingkang dados kekajenganipun saged dipunmangertosi dening tiyang
ingkang dentuju menika.
Kanthi
wontenipun handphone menika
mesthinipun ngemot dampak positif kaliyan
dampak negatif kangge peradaban
manungsa. Boten kejawi inggih dampak
positif kaliyan dampak negatif wonten
ing sosial budaya masarakat Jawi. Ngingingi babagan dampak positif inggih sampun cetha kangge nggampilaken anggen
komunikasi kanthi jarak ingkang tebih. Ananging kanthi wontenipun handphone menika uga anggadhahi dampak negatif kadosta ngurangi raos
sosial wonten ing masarakat sakiwa tengenipun.
Fenomena
ingkang sakmenika kedadosan inggih menika nalikane wonten sakrombongan tiyang
ingkang saweg ngempal, piyambakipun malah sami langkung remen kangge dolanan handphone piyambak-piyambak, komunikasi
kaliyan tiyang ingkang tebih ananging acuh
kaliyan tiyang ingkang wonten ing sandhingipun. Kedadosan kados mekaten, trep
menawi dipunjenengi “Nyaketaken ingkang tebih, nebihaken ingkang caket”.
Miturut
pamanggih narasumber ingkang kula
suwuni katrangan ngingingi kenging menapa piyambakipun langkung remen dolanan handphone piyambak saha acuh kaliyan tiyang sakiwa tengenipun. Narasumber menika ngandharaken bilih
piyambakipun remen dolanan handphone piyambak
amargi bingung badhe ngrembag babagan menapa kaliyan kanca ing sandhingipun.
Piyambakipun ngandharaken menawi boten wonten babagan ingkang wigatos kangge dipunrembag
satemah langkung milih dolanan handphone piyambak.
Pamecahan
kangge masalah menika saged kawiwitan saking pribadhi kita piyambak. Kita kedah
paham bilih sipat langkung remen dolanan handphone
piyambak nalikane saweg kempal kaliyan tiyang sanes saha acuh marang tiyang sakiwa tengenipun
menika klentu. Menawi saweg kempal kaliyan tiyang sanesipun, langkung prayogi
menawi handphonei menika
dipunselehaken rumiyin. Boten menapa menawi badhe komunikasi kaliyan tiyang
ingkang tebih, ananging ampun ngantos acuh
marang tiyang ingkang wonten sandhingipun.
Kanthi
mekaripun teknologi komunikasi arupi handphone menika, kita dipuntuntut
supados saged bijak anggenipun
nyikapi pamekaran kasebat, satemah menapa ingkang dados tetenger kita menika
tiyang ingkang seneng srawung boten kalindhih menapa malih ical.
Daftar Pustaka
Prawironoto,
Hartanti. 1992. Dampak Masuknya Media
Komunikasi Terhadap Kehidupan Sosial
Budaya Masyarakat Pedesaan Daerah Jawa Tengah. Jawa
Tengah : Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jenderal Kebudayaan Direktorat SEjarah
dan Nilai Tradisional Bagian Proyek
Inventarisasi dan Pembinaan Nilai-nilai Budaya.
Mulyana,
Deddy. 2000. Ilmu Komunikasi. Bandung
: PT Remaja Rosdakarya.
Koentjaraningrat. 1980.
Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta:
Aksara Baru.
Zamroni,
Mohammad. 2009. Perkembangan Teknologi Komunikasi dan Dampaknya Terhadap
Kehidupan. Jurnal Dakwah. X (2) :
197-198.
tekno.kompas.com
http://hariannetral.com

Tidak ada komentar:
Posting Komentar