Minggu, 01 Oktober 2017

Geguritan Kelangan



Kelangan
Micara babagan tekdir
Kabeh mau tan isa gumingsir
Jodho, rejeki, pati
Kabeh wus sinerat dening Gusti
Lanang wadon, tua enom sugih mlarat
Kabeh bakal nemu wancine
Wanci ngadhep marang Hyang Maha Agung
            Wus wolung taun lawase
Anggonku tan isa sesandhingan karo sliramu
Apa ya sliramu weruh kahananku saiki?
Apa ya sliramu mangerteni apa kang dak rasakake?
Kangen, iya kangen
Umpamane wektu isa den baleni maneh
Dak gembol siji pitakonan kanggo sliramu
Apa sliramu ora pengin ndelok lan ngancani aku ngadeg ing kene?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...