Layang
Kangen
Dening
: Sri Wahyani
Wengi iki dak rasa adem
tenan
Saya adem nalika
mangerteni kahanan
Kahanan ati iki kang
lagi ora karuan
Merga nandang katresnan
marang wong prapatan
Dak sawang-sawang ing sajroning panggonan
Apa kang isa dadi pegawean?
Dak sawang saksuwek kertas tutup kondanganan
Kang ora kopen ing ndhuwur meja kulon dalan
Dak jupuk, dak gocek nganggo tangan
Dak pikir ing sakdawane
dalan
Amung saksuwek kertas
tutup kondanganan
Tamtu urung isa
nuwuhake pegawean
Banjur dak pikir maneh
ing sajroning pikiran
Dak sawang pulpen abang ing njero longan
Dak jupuk, dak gocek bebarengan kertas kondanganan
Dak gawa menyang teras pinggir dalan
Saikine kertas iki wus duwe pulpen kang dadi pasangan
Dak jarke pulpen iku
ngalor ngidul jejogedan
Katulis kanthi rapi
saben perangan
Mesem-mesem dhewek kaya
wong kedanan
Weruh jejogedane pulpen
kang wus dadi seratan
Layang kangen kanggo
wong bagus prapatan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar