Jebul
Wong Edan
dening : Sri Wahyani
Yati,
bocah wadon kang nembe seminggu suwene anggon lulus saka SMA kuwi pancen
dhasare bocah kang pinter. Dheweke nduweni kekarepan kanggo neruske sekolahe
menyang perguruan tinggi, ananging merga kahanane dheweke kang kalebu wong kang
ora nduwe, kekarepane kuwi mau durung isa kasembadan. Sedhih pancen, ananging kepiye
maneh, dheweke ya ora tegel yen meksa mbokne supaya nyekolahke dheweke. Apa
maneh mangerteni kahanane mbokne kang statuse saikine randha kang ditinggal
seda dening bapakne. Mula saka iku, Yati lewih milih kanggo kerja. Seprene wus
seminggu lawase anggon Yati kerja ana ing toko klambi ing kuthane kang adohe 13
kilometer seka umah.
Kaya
biasane, esuk-esuk mruput sakbubare sembahyang subuh, mbok Sarinah nggogok ing
ngarep pawon kanggo nyepakake sarapan sarta sangu kerja anak wadone. Kejaba
iku, mbok Sarinah uga nggodhog banyu kanggo adus anake mau, amarga dheweke ora
tegel yen anake kudu adus esuk mruput nganggo banyu adem.
Biasane
pancen Yati ngewangi mbokne kanggo nyepakake panganan. Ananging merga esuk iki
adem banget lan mangerteni Yati kang lagi menstruasi
mula mbok Sarinah ora tegel kanggo nggugah gasik anak wadone kuwi.
Nalika
srengengene wus mlethek, mbok Sarinah nggugah Yati kang isih rapet anggone
kemulan. Sakjane ya ora tegel, ananging piye maneh wong wus awan tur dheweke ya
kudu mangkat kerja.
Banyu
anget wus cumawis ana ing padusan, mbok Sarinah nggugah Yati kanthi
lirih-lirih.
“Yati,
anake mboke sing paling ayu dhewek, cepet tangi cah ayu. Kae delengna si,
srengengene wis mlethek. Banyu angete yaw is ngawe-awe kae, tandane ko kon
cepet adus.” Pangandikane mbok Sarinah kanthi lirih sinambi ngelus-elus bathuke
anak wadone kang cunong.
“Astagfirullah,
saniki sampun tabuh pinten mbok?” Pitakone Yati sinambi ngelap iler ing pipine.
“Siki
ya wis jam 7 Yat, mulane nganah gagean adus. Ko kan kudu mangkat kerja jam 8
mengko kuwe. Banyu angete ya wis tek siapna neng padusan kae.” Wangsulane mbok
Sarinah ngongkon anake supaya enggal-enggal adus.
“Inggih
mbok, kula tak adus riyin”.
Nalikane
Yati lagi adus, mbok Sarinah enggal-enggal nyepakake sarapan kanggo anak
wadone. Ora lali, panganan kanggo sangu Yati uga dicepakake.
Sakwuse
Yati rampung adus, mbok Sarinah enggal-enggal ndhawuhi anake supaya sarapan
ndisik.
“Yat,
cepet ngeneh sarapan karo inyong disit.”
“Inggih,
Bu. Sekedhap malih.”
“Apa
gole dandan urung rampung Yat? Gole nganggo bedhak karo gincu sepira kandele
Yat, kok suwe banget ora rampung-rampung?” Pitakone mbok Sarinah ngledhek anak
wadone mau.
“Lah
nggih boten kandel-kandel kok mbok, wong kula menika boten dandan nggih sampun
ayu kok” Wangsulane Yati nambahi gayenge pacelathon esuk iki.
“Lah
ya jelas ayu wong anake inyong kok”
“Lah
inggih niku lo mbok”
“Wis..
wis.. ora oya ayu oya ayu terus Yat. Ngeneh cepet metu sekang kamar, cepet
sarapan wong wis awan lo kiye, mengko mbokan keri angkot.
“Inggih
mbok, Inggih”
Sakwuse
sarapan, Yati enggal-enggal njaluk pamit marang mbokne kanggo kerja. Kaya
biasane, Yati ngadhang angkot ing prapatan kang cedhak karo umah. Wektu iku
pancen wus awan, wus jam 8 punjul 10 menit, mula wus arang angkot kang liwat.
Yati bingung uga wedi. Dheweke wedi yen kesed anggone tekan toko, amarga dina
iki pancen jatahe dheweke kanggo njupuk kunci ing umahe bose.
“Wadhuh,
siki kan jatahe inyong njukut kunci neng umahe bose. Toko kudu bukak jam
stengah 9 maning, malah getul siki urung ana angkot sing liwat. Adhuh kepriwe
ya? Mengko nek inyong gole getul telat mesthi diomeih.” Omongane Yati sinambi
kukur-kukur endhas, pratanda yen dheweke lagi bingung.
Ora
kacek suwe, paningale Yati tumuju marang mobil Avanza kang mandheg ing ngarepe
dheweke. Kaca mobil banjur dibukak, ketok pawongan ing njero mobil. Jebul
pawongan mau kuwi Pak Giat, guru nalikane dheweke isih ngangsu kawruh ana ing
SMA.
“Ti,
Yati, ko si arep maring ngendi? Esuk-esuk wis ayu temen?” Pitakone Pak Giat.
“Kula
badhe dhateng kitha Pak” Wangsulane Yati.
“Kebeneran
inyong ya arep maring kutha, mbok mayuh bareng bae.” Pangajake Pak Giat.
“Inggih
Pak maturnuwun”
Yati
banjur mlebu mobile Pak Giat. Ing sedawane dalan, Yati ditakoni babagan keneng
apa dheweke ora neruske sekolahae. Yati banjur njlentrehke kahanan ekonomi
kluwarga kang nyata-nyata ora isa kanggo neruske sekolahe dheweke.
Ora
krasa yen wus 15 menit anggone Pak Giat karo Yati padha crita. Yati diterke
tekan ngarep tokone persis. Ya cetha urung dibukak tokone merga dina iki pancen
jatahe Yati kanggo njupuk kunci bareng Imah, kanca kerjane.
Nalika
dheweke tekan, den weruhi Imah kang wus lagi nggogok nang kursi ngarep toko,
sejane ya mesthi lagi ngenteni dheweke. Yati karo Imah enggal-enggal mlaku
menyang umahe bose kanggo njupuk kunci.
Sakwuse
njupuk kunci, Yati karo Imah enggal-enggal menyang toko. Sedawane dalan, Imah
terus-terusan ngedumel merga dheweke rumangsa wus nunggu Yati suwe banget ing
ngarep toko.
“Untung
esih nyandhak, dadi ora diomeih Pak Budi.” Omongane Yati miwiti pacelathon.
“Untung
untung. Iya untung neng ko Yat, Yat. Lah inyong kiye lo wis mangkat
mruput-mruput, getul neng toko esih nunggu getulmu sing suwe banget mau kae lo,
kaya arep lumuten anggone inyong njagong neng kursi mau ngenteni ko. Ko mangkat
sekang ngumah kan? Ora mangkat sekang Amerika kan? Bisane suwe banget si
kepriwe?.” Omongane Imah kanthi swara kang mratandhani yen dheweke ora seneng
ngenteni tekane Yati kang suwe banget mau.
“Ya
sekang ngumah lah Mah, wong inyong ya ora duwe dhuwit nek ndadak menyang
Amerika.” Wangsulane Yati kanthi ancas supaya Imah ora nesu-nesu terus.
“Walah
Yat.. Yat.. malah gawe ngguyu, gawe inyong ora sida gela kiye lah”.
“Lak
ya apik mbok. Aja keseringen gela lo Mah, mengko malah dadi cepet tuwa. Gelem
apa nek dadi cepet tuwa? Gelem?”.
“Ya
ora lah Yat. Ah ko si kepriwe malah ndongakna batire kon cepet tuwa”.
“Udu
ndongakna Mah, kan emang nyata nek wong sing sering gela kuwe marekna cepet
tuwa, merga mengko pipine gampang kisut”.
“Ah
emoh, emoh. Pokoke inyong emoh nek cepet tuwa, wong urung mbojo kok tuwa
disitan”.
“Ya
mulane aja keseringen gela si Mah”.
“Iya
iya. Eh mau kae sapa si sing njujugna ko? kok jos banget numpake avanza, kaya
wong sugih temenan”. Pitakone Imah kang kepengin ngerti sapa pawongan kang wus ngeterke
Yati mau.
“Ooh
kae gurune inyong jaman SMA Mah”.
“Walah,
tak kira pacarmu”.
“Udu
ya”.
Sangking
gayenge anggone padha kandhahan, ora krasa nek wus tekan ing ngarep toko. Toko
enggal-enggal dibukak. Kaya biasane, sakwuse dibukak banjur padha enggal-enggal
resik-resik toko. Ancas seka reresik mau ya supaya nalika ana pawongan kang
tuku klambi isa ngrasakake nyaman anggone milih-milih klambi kang bakal dituku.
Nang
toko iku pancen ana 10 karyawan, kabeh keduman piranthi kanggo resik-resik,
mbuh kuwi sapu, mbuh kuwi pel. Wektu iku, Yati pancen keduman jatah kanggo
ngepel. Enggal-enggal denjupuk ember kang manggon ana ing toko sisih mburi,
banjur denisi banyu.
“Yat,
jatahmu dina kiye pancen ngepel apa?” Pitakone Suci kang dadi kasir ing toko
klambi iku.
“Iya
inyong siki kejatah ngepel mba, wong inyong dina wingi kan wis nyapu.”
Wangsulane Yati
“Ooh,
ya mengko dipel terus terase kae ya Yat, sing bersih.”
“Iya,
iya. Siap lah.”
Yati
banjur ngepel toko sakterase kanthi semangat, amarga pancen nek wayah esuk ya
wayah-wayah isih gedhe semangate.
Nalika
Yati lagi ngepel teras, ana simbah estri kang nyedhaki. Rupane pancen ora
kepenak banget densawang. Klambine rowak-rawek kaya lebar densilet. Dheweke ora
nganggo capit. Awake ketok klumud kaya ora adus sesasi. Rambute gimbal kaya ora
densisir sesasi. Didelok saka iku, mula tuwuh pamikirane Yati yen simbah iku
tukang jaluk. Yati enggal-enggal mlebu toko, karepe ameh njupuk dhuwit kanggo
simbah mau.
“Gole
ngepel wis rampung apa Yat?” Pitakone Suci.
“Urung
mba.”
“Lah
deneng maring mburi?”
“Kepuyuh
mbok.” Keprungu swarane Imah nyelani.
“Anu
inyong arep njukut dhuwit neng mburi nggo simbah sing neng ngarep kae mba.”
“Sapa
si Yat?” Pitakone Suci.
“Tukang
jaluk mba.”
“Tukang
jaluk gasik temen deneng ya? Biasane kan mengko awan.” Omongane Imah nyelani
maneh.
“Agi
kepengin gasik mbokan.” Wangsulane Suci sinambi terus nyapu.
Sakwuse njupuk receh ana ing mburi,
Yati enggal-enggal balik maneh menyang teras nemoni simbah mau. Receh
enggal-enggal denulungake marang simbah. Yati dadi bingung merga receh mau ora
ditampani dening simbah. Yati saya bingung nalikane simbah iku nesu-nesu ing
sakpangarepe dheweke.
“Eh
mba, ko kuwe ora ngrumangsani nek siki banyu kuwe arang anane? Kok malah
mubadir banyu kaya kuwe si kepriwe. Banyu aja dikotori mba, mending mbok anggo
adus utawane nginum, kuwe kan lewih ana paedahe”. Omongane simbah-simbah mau
kanthi nesu-nesu lan nudhing-nudhing ember isi banyu kang dinggo ngepel, banjur
lunga.
Yati
amung bisa bingung, meneng sakwetara. Karyawan liyane kang weruh kedadean kaya
mangkono ya padha-padha amung isa meneng, bingung, banjur nyedhaki Yati lan
takon keneng apa kok simbah mau nyrengeni dheweke. Yati banjur njlentrehake yen
dheweke disrengeni amarga dheweke dikira mubadir banyu. Yati lan karyawan liyane
wus ora isa ngampet ngguyu, banjur padha ngguyu bebarengan tekan
kapingkel-pingkel mangerteni kedaean lucu Yati kang disrengeni wong edan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar