Jebul
Kleru
Iki
caritane bocah Banjarnegara karo bocah Purbalingga kang lagi manggon ana ing
Jogja saperlu ngangsu kawruh ana ing Universitas Negeri Yogyakarta. Sore-sore
sakbubare mata kuliah tata ukara, kancaku bocah Banjarnegara ngajek menyang
toko “Outlet Biru”. Sejane ya wus cetha ameh golek sepatu. Amarga ora
mangerteni ana ing ngendi toko kuwi mau, aku lan kancaku manut karo dalan kang
ditudhuhake ana ing google maps. Sore
kuwi pancen macet banget. Sakwuse kurang luwihe 45 menit perjalanan, maps aweh tanda dene posisiku lan
kancaku wus tekan ana ing alamat kang dentuju. Kancaku banjur ngandhegake
motore. Aku lan kancaku thingak-thinguk bingung nggoleki tulisan “Outlet Biru”.
Amarga wus radha suwe ananging urung nemu tulisan outlet biru, dadi aku lan
kancaku takon marang bakul woh-wohan.
Aku : “Ndherek langkung Ibu, nyuwun
pangapunten kula badhe nyuwun pirsa, toko sepatu outlet biru wonten pundi
inggih?”
Ibu : “nang kene ora ana toko
outlet biru mbak.”
Kancaku : “Ananging wonten maps menika….”
Ibu : “Iya, nang maps pancen
ngono kuwi, ananging kuwi kleru mbak. Nang kene ora ana outlet biru. Dudu gur
mbak e kang nggoleki outlet biru nang kene, nanging wus atusan luwih kang
nggoleki outlet biru nang kene.”
Kancaku : “Ooh… inggih maturnuwun, Bu.”