Rabu, 22 November 2017

Geguritan Mlathi Ing Pakunjaran



Mlathi Ing Pakunjaran
Dening : Sri Wahyani
Gumrojonging banyu ana ing talang
Keprungu cetha ing sajroning talingan
Tumetese ana ing lemah pakunjaran
Agawe sumelange mata ngawaske kahanan
            Sewu tetesing udan kae
            Agawe gumrojoge sangsaya gedhe
            Papan ireng kang tansah njagakake
            Agawe rekasane oyot iku kanggo owah
            Ngalor ngidul ngetan ngulon tansah kepentog
Mlathi iku sangsaya sedhih
Denrasakakae ora adil tenan
Ngematke kahanan sakiwa tengene
Kang bebas saka pakunjaran
            Wit pelem ing sisih wetan kae
Urip madeg nyundhul langit
            Oyote wit palem ing tengah kae
            Sumebar kanthi rata ing antarane suket-suket
Mlathi iku nangis getih
Swarane iku sangsaya ngririntih
Ananging tan ana kang welas asih
Iya iki, rerintihane mlathi kang ora den gagas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...