Senin, 20 November 2017

Geguritan Semut-semut Cilik



Semut-semut Cilik
Dening : Sri Wahyani
Gumrojoging getih kaobong semangat
Ngripta cita dadi bangsa kebak karat
Kae kabeh semut-semut cilik kang kuwat
Isih sagoh urip sanadyan mlarat
            Semut kabeh ngupaya golek pangan
            Ana ing sekabehane jogan
            Kanggo dhasare apa kang sinebut kakuwatan
Kakuwatan kanggo tetep urip ing tengahing jaman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...