Minggu, 10 Desember 2017

cerkak



            Santi, anake Pak Darto, lurah ing desa Kedhungan kang kondhang amarga rupane kang ayu. Dheweke dudu amung ayu rupane, ananging ya pinter, mulakna akeh pemudha-pemudha kang kepingin dadi garwane. Sakikine dheweke nembe ngrampungke S1 kedokteran ing universitas negeri kang paling kondhang ing kotane.
            Dhasare dheweke ya bocah kang sregep mulakna bubar rampung kuliah dheweke langsung golek pakaryan. Manut karo jurusan kang wus dentempuh dheweke ketampa ana ing rumah sakit umum kang ana ing kotane.
            Ayu, pancen ayu banget. Dheweke pancen dadi kembang ana ing desane. Dhuwur, ora kalah karo dhuwure pramugari, putih resik, bokong nawon kemit, irung mancung, idep ndamar kanginan, ketambahan gingsul untune lan lesung pipit ana ing pipine nambahi esem manise kang isa nggawe kesengsem pemudha kabeh.
            Esuk kuwi pancen lagi udan deres. Santi nunggu angkot ana ing pinggir dalan cerak pangkalan ojek. Sanadyan anake wong sugih, ananging Santi kuwi pancen wus kulina urip priatin, mula dheweke saben mangkat kerja mesthi numpak angkot.
            Kaya biasane, ing pangkalan iku ya wus jejer-jejer tukang ojek kang siap ngeterke para ojekers (sebutan kanggo wong kang kulina numpak ojek).
“Sugeng enjing, Pak.” Keprungu swarane Santi, agawe tukang ojek kang lagi padha ngantuk dadi melek maneh merga weruh rupane Santi kang ayu banget kaya dene widodari.
“Inggih sugeng enjing ugi mbak Santi.” Wangsulane salah sawijining tukang ojek kang mangkal ing kana.
“Sampun wonten angkot ingkang liwat dereng inggih Pak?”
“Dereng mbak Santi, mbok menawa badhe nitih ojek kemawon inggih mangga kula terake.”
“Boten Pak, maturnuwun, kula mangke ndherek angkot kemawon.” Wangsulane Santi kanti sopan.
            Nalikane padha lagi gayeng anggon kandhahan, ijig-ijig keprungu swara montor kang nggesrak.
“Sraaaaaaaakkkkkk…..”
“Loh swara apa iku ya” Pitakone Pak Darman, salah sawijining tukang ojek ing kana.
“Lah embuh kuwi, mayuh padha ditiliki, swarane kae seka dalan gedhe kae.” Wangsulane Pak Pur, tukang ojek ing kana uga.
“Inggih mangga kula ndherek Pak.” Panjaluke Santi.
            Kaya ngapa kagete Santi lan tukang ojek, amarga swara gesrakan mau kae swara pawongan lanang kang tiba saka montor. Santi lan tukang ojek enggal-enggal nyeraki korban mau.
            Mangerteni yen getih kang metu saka sirahe akeh banget, mula korban mau enggal-enggal digawa menyang rumah sakit, panggonane Santi kerja.
            Tekan rumah sakit, korban mau banjur digawa menyang IGD (Instalasi Gawat Darurat). Amarga getih kang metu wus akeh banget, mula Santi golek pawongan kang gelem nyumbangake getihe kanggo korban mau. Den goleki nomor tilpun kluwargane kang isa denhubungi, ananging ora ana kang aktif. Bola bali Santi kukur-kukur endhas, pratandha yen dheweke lagi kebingungan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...