Godhong
Waru Garing
Dening
: Sri Wahyani
Delengen
kae
Godhong
waru garing padha sengkleh
Nadyan
jejogedan katerak ing angin
Kumlebat,
kumlawe
Ngalor
ngidul ora ana kang den sedya
Ora duwe daya pancen
Wit kang maune dadi dhedhasaring
urip
Wus tan keneng den dadekake
panyangga
Nasibe kocar kacir kegawa angin
Apa
ya sira mangerteni kahanane ati iki
Nalikane
sira agawe kuciwa
Memper
banget karo godhong waru garing mau
Ora
duwe daya, ora duwe nyawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar