Rabu, 27 September 2017

kebakaran mobil



Kebakaran Mobil
Kebakaran mobil menika kedadosan wekdal yuswa  kula taksih 4 taun saha yuswanipun kangmas kula taksih 8 taun. Wekdal menika kula dereng sekolah saha kangmas kula sampun SD kelas 3. Kangmas kula nyuwun dhateng Bapak supados dipuntumbasaken mobil. Kula taksih alit, dereng mangertos menapa-menapa  inggih namung ndherek kangmas kula kemawon.
Wekdal kula saha kangmas saweg dolanan kaliyan Bapak.
“Pak, kepingin dipuntumbasaken mobil” ngendikanipun kangmas kula.
“mobil kangge napa ta cah bagus?” Pitakenanipun Bapak.
“inggih kangge dipuntumpaki, supados saged muter-muter Purbalingga nitih mobil lo Pak”
“lah nitih angkot menika saged le”
“nitih angkot menika boten puas pak, puas menika menawi nitih mobilipun piyambak”
“Inggih mangke cobi Bapak pirembagan rumiyin kaliyan Ibu”
“Yeee… yeee tumbas mobil” ngendikanipun kangmas kula. Piyambakipun ketingal bingah sanget.
Kula ingkang taksih alit menika inggih namung mendel mriksani kedadosan menika.
Boten patosa dangu, Bapak lajeng ngandaraken panyuwunanipun kangmas kula dhateng Ibu.
“Bu, menika putranipun ingkang jaler nyuwun dipuntumbasaken mobil, kados pundi inggih?” pitakenanipun Bapak.
“sakjatosipun inggih namung guneman Pak, piyambakipun menika taksih alit, ampun menapa-menapa dipunturuti, mangke dados tuman” Wangsulanipun Ibu.
“Ananging, sakjatosipun Bapak inggih sampun anggadaih kersa badhe mundhut mobil lo Bu” Wangsulanipun Bapak.
“Inggih menawi menika sampun dados kersanipun Bapak inggih Ibu ndherekaken”
Tiga dinten saksampunipun Ibu saha Bapak pirembagan, wekdal enjing Bapak tindak dhateng Dealer kanthi ancas mundhut mobil. Wekdal sonten mobil dipunkintun dhateng griya. Kangmas kula ketingal bingah sanget mriksani mobil ingkang dipunkintun menika. Lajeng kangmas kula nyuwun supados enggal-enggal saged nitih mobil menika.
“Pak sumangga muter-muter Purbalingga nitih mobil ingkang enggal menika”
“Benjing inggih le, Bapak menika kedah sinau babagan nyopir rumiyin” wangsulanipun Bapak.
Setunggal minggu saksampunipun mobil dipunkintun, Bapak ngajak kula saha kangmas kula muter-muter Purbalingga, ananging kula boten purun amargi wekdal menika kula saweg dolanan kaliyan kanca kula. Wusananipun ingkang ndherek Bapak nitih mobil inggih namung kangmas kula.
Setunggal jam saksampunipun Bapak saha kangmas tindak, kepireng swanten “kebakaran… kebakaran…”
Swanten menika asalipun saking pelataran griya ingkang boten tebih saking griya kula.
Sepinten kagetipun kula saha Ibu amargi ingkang kebakar menika mobil ingkang dipuntitihi dening Bapak saha kangmas kula.
Panik, inggih panik wekdal mangertosi Bapak saha kangmas kula wonten ing saklebetipun mobil ingkang kebakar menika boten saged medal. Kaca mobil dipunpecah dening sedherek kula supados Bapak saha kangmas kula saged medal saking mobil menika. Para warga sami ngangsu toya kangge nyirami mobil menika. Radi dangu geni menika surup. Kula sakluwarga ngonjukaken raos syukur amargi Bapak saha kangmas kula rahayu saking kebakaran menika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...