Dipundukani
Tiyang Edan
Kula
anggadhahi cariyos ingkang lucu inggih menika dipundukani dening tiyang edan
wekdal ing warsa 2015 kepengker. Wekdal menika kula taksih dados karyawan wonten ing toko “Laju Busana” ingkang kondhang kaliyan
lambangipun “Pusat Busana Murah” inggih
menika toko wonten ing kitha kula, Purbalingga, ingkang manggen wonten ing
wetan patung knalpot ingkang nyamektakaken ageman. Kados dene ingkang sampun
kulina, kula sakanca saben enjang resik-resik toko. Ancasipun dipunkulinakaken
resik-resik toko kala wau inggih menika supados tiyang ingkang badhe
ngersakaken ageman wonten ing toko menika saged ngraosaken sekeca amargi toko
ingkang dipunampiri menika resik satemah saged sekeca anggenipun milah-milah
ageman.
Wekdal
menika, Minggu, 20 Desember 2015, tabuh 07.30, sakbibaripun mundhut kunci toko
wonten ing “Laju 1” menika pusat saking toko “Laju Busana” ingkang wonten ing Purbalingga, kula sakanca
enggal-enggal bukak kori toko lajeng enggal-enggal mundhut piranthi ingkang
dipunagem kangge resik-resik toko kadosta sapu, pel, sulak, ekrak saha ember
ingkang dipun isi kaliyan toya kangge ngepel. Dinten menika pancen jatah kula
kangge ngepel wonten sisih ngajeng kalebet teras ingkang caket kaliyan margi.
Kados
menapa kaget kula amargi wekdal saweg ngepel wonten teras ingkang caket kaliyan
margi, ujug-ujug wonten simbah estri ingkang radi kirang panggalihipun nyedhaki
kula. Kula kinten simbah menika badhe nyuwun sodaqoh, ananging kasunyatanipun
malah ndukani kula amargi terosipun simbah menika kula mubadir toya.
“Eh
mbak, kowe iki ora rumangsa yen banyu saiki kuwi arang anane? Kok malah mubadir
banyu kaya kuwi. Banyu aja den regedi mbak, mending mbok anggo kanggo adus
utawane nginum, iku kan luwih ana paedahe” Pangandikane simbah kanthi nesu
kanthi drijinipun dipun acung-acungaken dating rai kula.
Sakwetawis
kula bingung dateng pratingkahipun simbah kala wau. Boten kraos menawi tutuk
kula ngantos mlongoh
Boten kacek dangu saking kedadosan
menika, salah satunggaling kanca kula nyaketi kula lajeng nyuwun pirsa kenging
menapa simbah menika nyaketi kula. Lajeng kula kanthi ngampet guyu nyariosaken
kedadosan menika, bilih kula bibar dipundukane dening simbah menika. Raosipun
sampun boten saged malih kangge ngampet guyu. Kula sakanca ngguyu sesarengan
wonten ing teras amargi kedadosan menika, kedadosan kula ingkang dipundukani
dening tiyang edan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar