Resensi
Serat Centhini Latin 6
Irah-irahan : Serat Centhini Latin 6
Penganggit : Yayasan Centhini
Kacithak
dening : PD. Hidayat Yogyakarta
Kacithak
wonten ing : Yogyakarta
Kacithak
warsa : 1988
Cacahipun
kaca : 225 kaca
Ukuran
buku : 20 cm x 14,5 cm
Warni
buku : Biru donker
Warni
kertas : pethak semu soklat
Serat kanthi irah-irahan “Serat
Centhini Latin 6” menika serat anggitanipun Yayasan Centhini ingkang kacithak
warsa 1988 ing kitha Yogyakarta. Serat menika kacithak dening PD. Hidayat
Yogyakarta. Ukuranipun buku menika 20 cm x 14,5 cm kanthi cacahipun kaca menika
225 kaca. Sampul buku menika warni bitu donker kanthi wonten hiasan arupi motif bathik ing sisih kiwa. Warni kertas ingkang dipunangge menika
warni pethak semu soklat. Jenis jilidanipun inggih menika dipun lem. Buku
menika dipunjangkepi kaliyan pathokan nglatinaken serat centhini.
Serat menika nyariyosaken
mantenanipun Seh Amongraga kaliyan Ken Tambangraras, putrinipun Ki Bayi Panurta. Paraga wonten ing serat
menika inggih menika Seh Amongraga, Ken Tambangraras, Ki Bayi Panutra, kangjeng
Bupati, tangga tepalih, abdi Centhini, Ni Malarsih, para kaluwarga, para tamu
(demang, lurah lsp), pangulu, para santri, Buyut Kyai Wanahita, Ni Turida, Ni
Rarasati, Jayengraga, Jayengwesthi. Alur ingkang
dipunangge menika alur majeng. Cariyos menika kawiwitan saking resepsi
mantenanipun Seh Amongraga kaliyan Tambangraras. Resepsi menika ngangge adat
jawi inggih menika kawiwitan saking penganten estri ingkang kapingit, lajeng
ijab, lajeng penganten panggih. Saksampunipun resepsi mantenan lajeng
dipuncariyosaken slametan kendhuri wujud dhaharan kanti ulam-ulaman pepak tuwin
gudhangan kuluban ingkang dipundongani dening Kyai Pengulu. Saksampunipun
slametan kendhuri lajeng dipuncariyosaken Seh Amongraga ingkang maringi piwucal
ngelmu agami dhateng Ken Tambangraras saha para ngulama. Ken Tambangraras
dipunparingi piwucalan bab ngelmu agami, sajatining sahadat, rukuning salat,
dununging raos sajati, kuwajibaning estri, pasrah dhiri dhateng kakungipun
wilujeng palakrami, utaminipun ngaos, wekdal manjingipun lan paletheking surya,
manjingipun dalu dhateng siyang, saha ing wekdal bakda Asar kaliyan bakda Subuh
boten prayogi menawi tilem. Para ngulama dipunparingi piwucalan muradipun kitab
Ibnu Kajar ingkang isinipun bab lenggahipun Rasul, salat sunat, salat wajib lan
kifayah sarta fardhu. Saksampunipun Seh Amongraga maringi piwucal dhateng Ken
Tambangraras kaliyan para ngulama lajeng dipuncariyosaken pahargyan penganten
sekaliyan wonten griyanipuin Jayengwesthi ingkang dipun iringi sanak kulawarga.
Pinahargya kanthi sesingiran kaliyan kendhuri. Saksampunipun pahargyan
penganten lajeng dipuncariyosaken petangan kurup saha wuku. Seh Amongraga
nerangaken petangan tanggal kanthi dhasar kurup Kamsiyah, Arbangiyah saha
Jumangiyah. Lajeng wiwit nerangaken bab wuku.
Buku kanthi irah-irahan “Serat
Centhini Latin 6” menika anggadhahi pinten-pinten kalangkungan, antawisipun
buku gampil dipunpahami amargi basanipun lugas, sampul buku menika ugi saged narik kawigaten, buku menika
dipunjangkepi kaliyan pathokan nglatinaken serat centhini satemah saged gampil
dipunpahami, saha serat menika nyariyosaken piwucal bab agami satemah saged
dipundadosaken tuntunan kangge gesangipun manungsa. Ananging buku menika ugi
anggadhahi kekirangan, antawisipun kertas ingkang dipun ginakaken kirang cerah,
pangginaan tetembungan ingkang boten konsisten
kadosta tembung pengulu ingkang kala mangsa sinerat pengulu saha kala mangsa
sinerat pangulu.
Saranipun inggih menika supados sami
maos buku menika, amargi buku menika anggadhahi piwucal agami ingkang saged
dipundadosaken tuntunan gesang wonten ing alam donya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar