Jumat, 22 September 2017

geguritan apa ya sliramu



Apa ya sliramu?
Dening : Sri Wahyani
Rina wengi tansah kelingan
Wewayanganmu tansah gumantung ana idepku
Tan isa ilang
Esem manismu kang gawe tentreming atiku
Dhuh wong bagus pepujaning ati
            Kejaba mangkono
Tansah lair pitakonan ing sajroning manah
Apa ya sliramu?
Kang bakal isa mangerteni kahananku
Apa ya sliramu?
Kang isa njaga aku selawase
Apa ya sliramu?
Kang isa nuntun marang kabecikan
Apa ya sliramu?
Kang bakal tak sandhing suk emben
Apa ya sliramu?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...