Minggu, 24 September 2017

resensi serat centhini latin 6




Resensi Serat Centhini Latin 6
Irah-irahan                   : Serat Centhini Latin 6
Penganggit                  : Yayasan Centhini
Kacithak dening          : PD. Hidayat Yogyakarta
Kacithak wonten ing   : Yogyakarta
Kacithak warsa           : 1988
Cacahipun kaca           : 225 kaca
Ukuran buku               : 20 cm x 14,5 cm
Warni buku                 : Biru donker
Warni kertas                : pethak semu soklat

            Serat kanthi irah-irahan “Serat Centhini Latin 6” menika serat anggitanipun Yayasan Centhini ingkang kacithak warsa 1988 ing kitha Yogyakarta. Serat menika kacithak dening PD. Hidayat Yogyakarta. Ukuranipun buku menika 20 cm x 14,5 cm kanthi cacahipun kaca menika 225 kaca. Sampul buku menika warni bitu donker kanthi wonten hiasan arupi motif bathik ing sisih kiwa. Warni kertas ingkang dipunangge menika warni pethak semu soklat. Jenis jilidanipun inggih menika dipun lem. Buku menika dipunjangkepi kaliyan pathokan nglatinaken serat centhini.
            Serat menika nyariyosaken mantenanipun Seh Amongraga kaliyan Ken Tambangraras, putrinipun  Ki Bayi Panurta. Paraga wonten ing serat menika inggih menika Seh Amongraga, Ken Tambangraras, Ki Bayi Panutra, kangjeng Bupati, tangga tepalih, abdi Centhini, Ni Malarsih, para kaluwarga, para tamu (demang, lurah lsp), pangulu, para santri, Buyut Kyai Wanahita, Ni Turida, Ni Rarasati, Jayengraga, Jayengwesthi. Alur ingkang dipunangge menika alur majeng. Cariyos menika kawiwitan saking resepsi mantenanipun Seh Amongraga kaliyan Tambangraras. Resepsi menika ngangge adat jawi inggih menika kawiwitan saking penganten estri ingkang kapingit, lajeng ijab, lajeng penganten panggih. Saksampunipun resepsi mantenan lajeng dipuncariyosaken slametan kendhuri wujud dhaharan kanti ulam-ulaman pepak tuwin gudhangan kuluban ingkang dipundongani dening Kyai Pengulu. Saksampunipun slametan kendhuri lajeng dipuncariyosaken Seh Amongraga ingkang maringi piwucal ngelmu agami dhateng Ken Tambangraras saha para ngulama. Ken Tambangraras dipunparingi piwucalan bab ngelmu agami, sajatining sahadat, rukuning salat, dununging raos sajati, kuwajibaning estri, pasrah dhiri dhateng kakungipun wilujeng palakrami, utaminipun ngaos, wekdal manjingipun lan paletheking surya, manjingipun dalu dhateng siyang, saha ing wekdal bakda Asar kaliyan bakda Subuh boten prayogi menawi tilem. Para ngulama dipunparingi piwucalan muradipun kitab Ibnu Kajar ingkang isinipun bab lenggahipun Rasul, salat sunat, salat wajib lan kifayah sarta fardhu. Saksampunipun Seh Amongraga maringi piwucal dhateng Ken Tambangraras kaliyan para ngulama lajeng dipuncariyosaken pahargyan penganten sekaliyan wonten griyanipuin Jayengwesthi ingkang dipun iringi sanak kulawarga. Pinahargya kanthi sesingiran kaliyan kendhuri. Saksampunipun pahargyan penganten lajeng dipuncariyosaken petangan kurup saha wuku. Seh Amongraga nerangaken petangan tanggal kanthi dhasar kurup Kamsiyah, Arbangiyah saha Jumangiyah. Lajeng wiwit nerangaken bab wuku.
            Buku kanthi irah-irahan “Serat Centhini Latin 6” menika anggadhahi pinten-pinten kalangkungan, antawisipun buku gampil dipunpahami amargi basanipun lugas, sampul buku menika ugi saged narik kawigaten, buku menika dipunjangkepi kaliyan pathokan nglatinaken serat centhini satemah saged gampil dipunpahami, saha serat menika nyariyosaken piwucal bab agami satemah saged dipundadosaken tuntunan kangge gesangipun manungsa. Ananging buku menika ugi anggadhahi kekirangan, antawisipun kertas ingkang dipun ginakaken kirang cerah, pangginaan tetembungan ingkang boten konsisten kadosta tembung pengulu ingkang kala mangsa sinerat pengulu saha kala mangsa sinerat pangulu.
            Saranipun inggih menika supados sami maos buku menika, amargi buku menika anggadhahi piwucal agami ingkang saged dipundadosaken tuntunan gesang wonten ing alam donya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...