Tan Ana Tandhing
Dening : Sri Wahyani
Sejatine ati iki wus tau kaya dene watuTan isa ngrasakake apa iku tresna kang nyata
Buta, pancen buta
Peteng, nalikane sira ngliya
Kabeh rasa kaya dene brantawali
Pait tan ana tandhinge
Ananging suwene tak rasa beda karo ati iki
Sakjane apa ?
Rasane pancen ora karuan
Kabeh iki tak rasakake wiwit pethuk karo sira
Iya, sira kang isa gawe remuk watu iki
Sira kang isa ngliru brantawali dadi gula
Sira kang saiki tak sandhing
Sira kang isa ngrombak kahanane ati iki
Sira kang isa agawe bungahing ati iki
Sira kang isa nguripke maneh ati iki
Ati kang wus suwe peteng tanpa sunar
Pancen among sira, tan ana tandhinge
Tidak ada komentar:
Posting Komentar