Rabu, 13 September 2017

Resensi Serat Lebdatama 1



Resensi Serat Lebdatama 1


Irah-irahan                   : Serat Lebdatama 1
Penganggit                  : Raden Purwasuwignya
Kacithak dening          : Proyek Penerbitan Sastra Indonesia dan Daerah
Kacithak wonten ing   : Jakarta
Kacithak warsa           : 1980
Cacahipun kaca           : 87 kaca
Ukuran buku               : 21 cm x 15 cm
Warni buku                 : Pethak
Warni kertas                : pethak semu soklat


            Wonten ing serat menika anggadhahi piwucal ingkang luhur inggih menika supados kita boten tansah umuk awit saking drajat kita ingkang inggil. Wonten serat menika kacariyosaken bilih raja ingkag tansah umuk seda dipuntubruk saha dipun suwek-suwek dening segawon.
            Cariyos menika kawiwitan saking prejurit gagah ingkang dipundhawuhi dening simbah supados mlebet dhateng saklebetipun kajeng gurdha, mundhut rajabrana arupi arta saha penithikan. Simbah menika boten badhe nyuwun arta menika, ananging namung badhe nyuwun penithikan, amargi penithikan menika warisan saking simbahipun.
            Wonten saklebeting kajeng gurdha menika wonten 3 kori ingkang dipunjagi dening segawon ingkang angajrihi. Kori sepisanan isinipun inggih menika arta tembagi, kori kaping kalih menika isinipun arta perak, kori kaping tiga menika isinipun arta emas. Awit saking segawon ingkang angajrihi, prejurit dipunsanguni dening simbah arupi slendang wasiyat kagem nututaken segawon menika.
            Saksampunipun saged mbekta arta kaliyan penithikan menika, prejurit medal kanthi dipungeret tali ingkang dipuntalikakaen wonten ing padharanipun dening simbah kala wau sakderengipun mlebet kajeng gurdha.
            Simbah lajeng nyuwun penithikan kala wau. Ananging penithikan menika boten dipunaturaken dhateng simbah. Simbah dipunsedani dening prejurit, amargi prejurit anggadhahi kekajengan supados saged anggadhahi penithikan kala wau. Prejurit anggadhahi pamanggih bilih penithikan menika anggadhahi kasiyat.
            Saksampunipun simbah dipunsedani, prejurit kanthi mbekta arata ingkang kathah saha penithikan menika tumuju dhateng nagari sanes ingkang langkung rame. Wonten ing nagari menika prejurit kalebet tiyang ingkang sugih awit saking arta ingkang kapundhut saking kajeng gurdha kala wau. Piyambakaipun mondhok wonten ing pamondhokan, nyewa kamar ingkang sae.
            Ing salaminipun wonten pamondhokan, prejurit wau lelampahanipun boten sanes kejawi namung angumbar hawa nepsunipun. Ngantos dumugi dhateng kekajenganipun anggadhahi semah, wonten satuggaling mitra ingkang nyariyosaken bilih ingkang jumeneng raja wonten ing nagari menika kagungan putri ingkang sampun magsanipun pulakrama, ananging sinengker dening rama ibu boten pinaringan medal-medal saking kedhaton, tansah dipunpingit wonten saklebetipun gedhong tembagi ingkang langkung adi, boten pareng tiyang lumebet kejawi namung rama ibu saha embanipun. Mila menika, awit sampun dipunwenca dening satunggaling ahli nujum ingkang sampurna pamanggihipu, menawi jodhonipun sang putri wau namung satunggaling prejurit ingkang limrah kemawon, saha turunan bangsa alit.
            Ingkang mesthi kanjeng raja boten badhe angestokaken menawi sang putri saestukelampahan jodho kados dene aturipun juru nujum wau, awit putra namung setunggal, sarta digadhang-gadhang badhe anggentosi jumeneng raja.
            Saben sonten prejurit nitih kreta angideri alun-alun kanthi pangajab supados saged sumerep wujudipun sang putri. Ananging asilipun nggih nihil, prejurit boten nate sumerep wujudipun sang putri.
            Wetawis wonten setunggal warsa prejurit dhawah malih ing kemlaratan. Anuju ing satunggaling ndalu wekdal badhe ngeses, piyambakipun mundhut penithikan kangge damel geni. Kados menapa kagetipun amargi dhateng segawon ing;kang tengga kajeng gurdha. Segawon menika nuthuti sedaya panyuwunanipun prejurit. Ngantos dumugi panyuwunanipun supados segawon saged mbekta sang putri dhateng sanding prejurit nggih kasembadan.
            Sang putri asring dipunbekta kanthi posisi sare dhateng dalemipun prejurit, ngantos dumugi satunggaling dalu embanipun putri mangertosi lakonipun segawon, dipuntututi segawon menika ngantos dumugi dalemipun prejurit. Dalemipun prejurit dipunsukani tanda kaliyan kapur, ananging tandanipun dipunicali dening segawon.
            Ibu sang putri anggadhahi pamanggih supados sang putri dipunkalungikanthong ingkang dipunbolongi ingkang dipunisi wiji sesawi supados saged kangge tanda. Mangertosi menawi ingkang nimbali segawon kangge mbekta putri menika prejurit, prejurit dipunkunjara sarta sampun gidhang-gidhang badhe dipunpatrapi paukuman gantung.
            Kinten-kinten wanci tabuh 12 siyangjuru rangsum ing pakunjaran ngriku dhateng, sedyanipun badhe maringi rangsum. Lajeng prejurit nyuwun dhateng juru rangsum supados dipunpundhutaken penithikanipun wonten griya.
            Wekdal badhe dipungantung, prejurit anithik penithikan lajeng 3 segawon sami teka. Prejurit ngandharaken menawi piyambakipunbadhe dipunukum gantung. Prejurit nyuwun dhateng segawon supados saged mbelani piyambakipun. Segawon-segawon banjur nubruk sang raja. Sang raja dipun suwek-suwek ngantos ajur mumur dumugi sedanipun.
            Saksampunipun raja seda, prejurit ingkang jumeneng raja saha nggarwa sang putri. Dene sang putri sampun boten anggadhahi manah aral, sanadyankakungipun sanes turunan bangsa luhur, wontenipun namung narima sarta bekti dhateng kakung, punapa malih sampun nggantosaken rama jumeneng raja.
Kalangkungan
1.      Basa ingkang dipunginakaken gampil dipunsuraosi.
2.      Cariyosipun runtut satemah saged gampil dipunsuraosi.
3.      Dipunjangkepi kaliyan basa Indonesia satemah menawi wonten ingkang boten suraos kaliyan basa jawinipun saged maos ingkang ngagem basa Indonesia.
4.      Sampulipun menarik.
Kekirangan
1.      Wonten tetembungan ingkang lepat anggenipun nyerat, kadosta ingkang kedahipun satunggaling kaserat satunggiling, lan lintu-lintunipun.
2.      Basa ingkang dipunginakaken boten efektif. Katingal saking ingkang ngagem basa Indonesia wonten tetembungan “agar supaya, dan kemudian, adalah merupakan”.
3.      Wonten tetembungan ingkang boten pas kaliyan tatanan basa, kadosta tembung “boten” wonten mriku kaserat “mboten”.
4.      Kertas ingkang dipunginakaken kirang cerah.
Saran
1.      Wekdal buku badhe dipuncithak amrih becikipun dipunteliti malih.
2.      Ngagem basa ingkang efektif kemawon.
3.      Tetembungan dipunpasaken kaliyan tatanan basa.
4.      Ngagem kertas ingkang langkung cerah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...