Dhuwit
Dening
: Sri Wahyani
Aku
dudu Tuhan
Ananging
akeh kang nyembah aku
Aku
dudu jimat
Ananging
tansah dadi rebutan
Aku
dudu widadari
Ananging
tansah dadi idhaman
Aku isa nggawe rusake jagat iki
Anak ora bekti marang rama biyunge
Sanak, kadang padha tukar
Tumekane banjir getih ing jagat iki
Kabeh iku merga aku
Aku
iki padha dursasana
Kang
isa nggawe angkara murka
Ananging
tansan den ajeni
Tansah
den jaga lan den permati
Duh para manungsa
Aja
mbok dadekne aku
Dhedhasar
rusake awakmu
Aku
dudu sesembahan
Kang
patut den sembah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar