Semar Badra
Wonten
ing Kahyangan Suralaya wonten gonjang-ganjing politik amargi ambisi kekuasaan
ing kahyangan. Bethara Tunggal paring dhawuh dhateng putra-putranipun inggih
menika Bethara Teja Maya (putra barep), Bethara Ismaya (putra tengah) saha
Bethara Manik Maya (putra ragil) supados ngatonaken dayanipun ingkang digdaya
saha langkung kiyat badhe dados panguwasa Kahyangan Suralaya. Bethara Manik
Maya licik, piyambakipun nyuwun tulung dhateng Jik Maya supados saged biyantu
ngusir kakang-kakangipun, piyambakipun mitnah kakang-kakangipun kanthi cara
nyelehaken jimat Cupu Manik Asthagina wonten ing sangandhaping papan kangge
sarenipun Bethara Teja Maya saha jimat Roning Lata Wahusadi wonten ing
sangandhaping papan sare Bethara Ismaya. Ramanipun (Bethara Tunggal) percaya
dene putra kekalih menika nyolong. Lajeng putra kekalih menika dipundhawuhi
supados ninggalaken kahyangan.
Bethara
Ismaya mandhap dhateng Gunung Tidar. Nindakaken bebadra bangun sarana saking
dhasar kanthi manah ingkang kawedhar kangge paring piwulangan maknanipun gesang
kanthi dhasar tri dharma ingkang intinipun keimanan, kemandirian, saha
kawaskithan.
Jik
Maya menika sadar menawi piyambakipun lepat, lajeng nyuwun pangapura dhateng
Bethara Ismaya saha ngandharaken bilih Bethara Manik Maya menika ingkang sampun
mitnah piyambakipun. Jik Maya anggadhahi pamanggih bilih piyambakipun badhe
ngandharaken wonten ing Kahyangan Suralaya menawi Bethara Manik Maya menika licik
satemah Bethara Manik Maya dipunusir saking Kahyangan saha Bethara Ismaya saged
dados panguwasa wonten ing Kahyangan Suralaya. Ananging Bethara Ismaya boten
sarujuk kaliyan pamanggih kala wau amargi menawi kados menika sami mawon
piyambakipun dhamel cilaka dhateng sedherekipun, pramila Bethara Ismaya tetep
manggen wonten ing Gunung Tidar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar