Senin, 18 September 2017

owabong



Owabong
            Owabong  inggih menika papan nglangi ingkang manggen wonten dusun Bojongsari, kecamatan Bojongsari, kabupaten Purbalingga, Propinsi Jawa Tengah. Nama owabong menika singkatan saking obyek wisata air Bojongsari. Nama kasebat dipun punḍut saking nama daerah kasebat inggih menika Bojongsari.
            Wonten warsa 2004 papan menika dipuntumbas dening PEMDA kabupaten Purbalingga, ingkang wusananipun madeg dados papan wisata kluwarga, saha dipuntambahi viaripun dados 4,8 hektar saking sakderengipun namung 1 hektar kemawon. Wonten tanggal 1 Maret 2005, papan menika dipunresmikaken dados papan nglangi owabong saha dipunkelola dening pemerintah daerah. Papan nglangi menika bikak wiwit tabuh 08.00 dumugi tabuh 17.00. Tiket kangge mlebet ḍateng papan nglangi menika Rp 18.000,00 kangge dinten senen dumugi setu. Menawi dinten minggu menika Rp 25.000,00. Papan kangge parkir wonten owabong menika viar. Kangge mlebet ḍateng owabong menika medal kori sisih wetan, saha menawi badhe medal menika medal kori sisih kilen.
            Sakmenika wonten 14 papan ingkang dipunsamektakakən wonten owabong, inggih menika papan nglangi Olympic, papan kangge ngluncur ingkang inggilipun 15 meter, ember tumpah, kolam arus, kolam bebas tsunami, papan kangge nglangi lare alit, kolam sesat, kolam perta air, sirkuit gokart, flying fox, theater 4D, rafting adventure, anjungan dirgantara, saha terapi ulam.
            Wonten sakdawanipun margi ingkang mliginipun kangge medal saking owabong, wonten katah sanget bakul-bakul. Bakul-bakul menika nyamektakaken antawisipun gethuk goreng, siomay, mendoan, rujak, es teh, es jeruk, boneka, saha ageman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...