Kamis, 12 Oktober 2017

Geguritan Amung Impen

                                   Amung Impen
                       Dening : Sri Wahyani
Manuk wae kang isa mabur dhuwur
Ora bakale isa ngranggeh wulan
Apa maneh lintah
Kang ora ndue digdaya kanggo mabur
                Lintah iki amung isa nyawang wulan kang endah kae
                Tanpa isa ngawujudake impene kanggo ngranggeh
                Sunare kang padhang sengsaya nambah greget ing jero manah
                Apa ya amung isa kedadean ing sajroning impen?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...