Disrengeni
Wong Edan
Dening : Sri Wahyani
Dening : Sri Wahyani
Yati,
bocah wadon kang nembe lulus seka SMA kuwi pancen dhasare bocah kang pinter. Dheweke
nduweni kekarepan kanggo neruske sekolahe menyang perguruan tinggi, ananging
merga kahananedheweke kang kalebu wong kang ora nduwe, kekarepane kuwi mau
durung isa kasembadan. Sedhih pancen, ananging kepiye maneh, dheweke ya ora
tega yen meksa mbokne supaya nyekolahke dheweke amarga yen ngaweruhi kahanane
mbokne kang statuse saikine randha kang ditinggal seda dening bapakne. Mula seka
iku Yati saikine kerja ana ing toko klambi ing kuthane kang adohe 13 kilometer
seka umah.
Kaya
biasane, esuk-esuk mruput sakbubare sembahyang subuh, mbok Sarinah nggogok ing
ngarep pawon kanggo nyepakake panganan kanggo sangu anake mangkat kerja. Kejaba
iku, mbok Sarinah uga nggodhog banyu kanggo adus anake mau amarga dheweke ora
tega yen anake kudu adus esuk mruput nanggo banyu adem.
Mbok
Sarinah pancen wong kang ora nduwe. Dheweke ora nduweni wragad kanggo nyenengke
anake, ananging dheweke sayang banget marang anak wadon siji-sijine mau. Mula saka
iku sanadyan uripe srawa kurang ananging ngenani babagan harmonis umah tangga ya ora kalah karo wong kang srawa kacukupan
amarga rasa sayang antarane mbok karo anake kuwi pancen gedhe banget.
Biasane
pancen Yati ngewangi mbokne kanggo nyepakake panganan. Ananging merga esuk iki adem
banget lan mangerteni Yati kang lagi menstruasi
mula mbok Sarinah ora tega kanggo nggugah gasik anak wadone kuwi.
Nalikane
srengengene wus mlethek, mbok Sarinah nggugah Yati kang isih rapet anggone
kemulan. Sakjane ya ora tega, ananging piye maneh wong wus awan tur dheweke ya
kudu mangkat kerja.
Banyu
anget wus cumawis ana ing padusan, mbok Sarinah nggugah Yati kanthi
lirih-lirih.
“Yati,
anake mbokne sing ayu dhewek, ndang tangi cah ayu. Kae deloken srengengene wus
mlethek, banyu angete ya wus ngawe-ngawe men anak wedoke mbokne enggal-enggal
adus.” Omongane mbok Sarinah kanthi lirih sinambi ngelus-elus bathuke anak
wedoke kang cunong.
“Astagfirullah,
sakmenika sampun tabuh pinten mbok?” Pitakone Yati
“Wus
jam 7 ndhuk, mula ndang adus wong kowe kan kudu menyang kerja jam 8 mengko kuwi,
banyu angete ya wus cumawis ing padusan kae” Wangsulane mbok Sarinah karo
ngongkon anake supaya enggal-enggal adus.
“Inggih
mbok, kula tak adus rumiyin”.
Nalikane
Yati lagi adus, mbok Sarinah enggal-enggal nyepakake panganan kanggo sarapan
anak wedoke. Ora lali, panganan kanggo sangu Yati uga dicepakake.
Sakwuse
Yati rampung adus mbok Sarinah enggal-enggal ndawuhi anake supaya sarapan ndisik.
“Ndhuk,
ndang kene sarapan bareng simbok ndisik”.
“Inggih
Bu, sekedap maliha”.
“Apa
lehmu dandan urung rampung ndhuk? Lehmu nganggo wedhak karo gincu kandele
sepira ndhuk kok ya ora rampung-rampung ket mau” Pitakone mbok Sarinah ngledek
anak wedoke.
“Lah
nggih boten kandel-kandel no mbok, wong kula menika boten dandan nggih sampun
ayu kok” Wangsulane Yati nambahi gayenge pacelathon esuk iki.
“Lah
ya jelas ayu wong anake simbok kok”
“Lah
inggih niku lo mbok”
“Wus..
wus.. ora oya ayu oya ay uterus ndhuk. Kene ndang metu seka kamar, kene ndang
sarapan wong wus awan lo iki, wedi kowe mengko keri le numpak angkot.
“Inggih
mbok, Inggih”
Sakwuse
sarapan, Yati enggal-enggal njaluk pamit marang mbokne kanggo kerja. Kaya biasane,
Yati ngadhang angkot ing prapatan kang cedhak karo umah. Wektu iku pancen wus
awan, wus jam 8 punjul 10 menit mula wus arang angkot kang liwat. Yati bingung
uga wedi. Dheweke wedi yen kesed anggone tekan toko, amarga dina iki pancen
jatahe dheweke kanggo njupuk kunci ing umahe bose.
“wadhuh,
saiki jatahku njupuk kunci nang umahe bose iki, toko kudu bukak jam stengah 9
malah tekan saiki urung ana angkot kang liwat. Adhuh piye iki, mengko nek aku
teka kesed mesthi aku disrengeni iki” Omongane Yati sinambi kukur-kukur endhas,
pratanda yen dheweke lagi bingung.
Ora
kacek suwe, paningale Yati tumuju marang mobil Avanza kang mandheg ing ngarepe
dheweke. Kaca mobil banjur dibukak, keton pawongan ing njero mobil. Jebul pawongan
mau kuwi Pak Giat, guru nalikane dheweke isih ngangsu kawruh ana ing SMA.
“Ti,
Yati ameh menyang ngendi sampeyan?” Pitakone Pak Giat.
“Kula
badhe dhateng kitha Pak” Wangsulane Yati.
“Kebeneran
aku ya meh menyang kitha, mbok mayuh bareng awae”. Pangajake Pak Giat.
“Inggih
Pak maturnuwun”
Yati
banjur mlebu ing mobile Pak Giat. Ing sedawane dalan, Yati ditakoni babagan
keneng apa dheweke ora neruske sekolahae. Yati banjur njletrehke kahanan
ekonomi kluwarga kang nyata-nyata ora isa kanggo neruske sekolahe dheweke.
Ora
krasa yen wus 15 menit anggone Pak Giaat karo Yati padha crita. Yati diterke
tekan ngarep tokone persis. Ya cetha urung dibukak tokone merga dina iki pancen
jatahe Yati kanggo njupuk kunci bareng Imah, kanca kerjane.
Nalikane
dheweke tekan, den weruhi Imah kang wus lagi nggogok nang kursi ngarep toko,
sejane ya mesthi lagi nunggu dheweke. Yati karo Imah banjur enggal-enggal mlaku
menyang umahe bose kanggo njupuk kunci.
Sakwuse
njupuk kunci, Yati karo Imah enggal-enggal menyang toko. Sedawane dalan, Imah
terus-terusan ngedumel merga dheweke rumangsa wus nunggu Yati suwe banget ing
ngarep toko.
“Untung
isih nyandak, dadi ora disrengeni Pak Budi.” Omongane Yati miwiti pacelathon.
“Untung
untung. Iya untung nang kowe Yat, Yat. Lah aku iki lo wus mangkat
mruput-mruput, tekan nang toko isih nunggu tekamu kang suwe banget mau kae lo,
kaya meh lumute lehku nggogok nang kursi mau nunggu tekamu. Kowe ki lak ya
mangkat seka umah ta? Ora mangkat seka Amerika ta? Kok lak ya suwe tenan.”
Omongane Imah kanthi nada yen dheweke
ora seneng nunggu tekane Yati kang suwe banget mau.
“Ya
seka ngumah ta Mah, wong aku ya ora nduwe dhuwit yen ndadak menyang marang
Amerika.” Wangsulane Yati kanthi ancas supaya Imah ora nesu-nesu terus.
“Walah
Yat.. Yat.. malah gawe geguyu. Tiwas ora sida nesu-nesu aku iki”.
“Lak
ya apik ta. Aja sering nesu-nesu lo Mah, mengko malah dadi cepet tuwa. Gelem po
nek umpama dadi cepet tuwa? Gelem?”
“Ya
ora ta Yat. Ah kowe ki lo malah ndongakake kancane kon cepet tuwa”.
“Dudu
ndungakake Mah, kan emang nyata nek wong kang sering nesu kuwi marai cepet tuwa
merga mengko pipine gampang kisut”.
“Ah
wegah, wegah. Pokoke aku wegah nek cepet tuwa, wong urung rabi kok tuwa
ndisikan”.
“Ya
mula aja sering nesu-nesu ta Mah”.
“Iya
iya. Eh mau kae sapa ta sing ngeterke kowe? ko jos tenan numpake avanza, kaya
wong sugih tenan”. Pitakone Imah kang kepengin ngerti ssapa pawongan kang wus
ngeterke Yati mau.
“Ooh
iku guruku nalika SMA Mah”.
“Walah,
tak kira pacarmu”.
“Dudu
ya”.
Sangking
gayenge anggone padha kandhahan, ora krasa nek wus tekan ing ngarep toko. Toko enggal-enggal
dibukak. Kaya biasane, sakwuse dibukak banjur padha enggal-enggal resik-resik
toko. Ancas seka reresik mau ya supaya nalika ana pawongan kang tuku klambi isa
ngrasakake nyaman anggone milih-milih klambi kang bakal dituku.
Nang
toko kuwi pancen ana 10 karyawan, kabeh keduman piranthi kanggo resik-resik,
mbuh kuwi sapu kanggo nyapu, mbuh kuwi pel kanggo ngepel. Wektu kuwi Yati
pancen keduman jatah kanggo ngepel. Enggal-enggal den jupuk ember kang mango ana
ing toko sisih mburi banjur den isi banyu. Yati banjur ngepel toko sakterase
kanthi semangat, amarga pancen nek wayah esuk ya wayah-wayah isih gedhe
semangate.
Nalika
Yati lagi ngepel teras kang cedhak karo dalan, ana simbah-simbah kang nyedhaki.
Maune dikira Yati simbah iku pawongan kanga meh tuku klambi, ananging pangirane
dheweke kuwi kleru amarga dheweke ketok kaya tukang jaluk. Banjur tuwuh
pamikiran yen simbah kuwi ya tukang jaluk, jebul ya dudu.
Kaya
ngapa kagete Yati, amarga simbah-simbah kuwi teka-teka malah langsung nesu-nesu
ing sakpangarepe dheweke.
“Eh
mbak, kowe iki ora rumangsa yen banyu saiki kuwi arang anane? Kok malah mubadir
banyu kaya kuwi. Banyu aja den regedi mbak, mending mbok anggo kanggo adus
utawane nginum, iku kan luwih ana paedahe”. Omongane simbah-simbah mau kanthi
nesu-nesu lan nudhing-nudhing ember kang isi banyu kang dinggo ngepel, banjur
lunga.
Yati
amung bisa bingung, meneng sakwetara. Karyawan liyane kang weruh kedadean kaya
mangkono ya padha-padha amung isa meneng, bingung, banjur nyedhaki Yati lan
takon keneng apa kok simbah mau nyrengeni dheweke. Yati banjur njlentrehake yen
dheweke disrengeni amarga dheweke dikira mubadir banyu. Yati lan karyawan
liyane wus ora isa ngampet ngguyu, banjur padha ngguyu bebarengan tekan
kapingkel-pingkel mangerteni kedaean lucu Yati kang disrengeni wong edan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar