Senin, 09 Oktober 2017

Geguritan Mlayu



Mlayu
Dening: Sri Wahyani
Aku dudu watu
Aku isih isa ngrasakake apa iku tatu
Nalikane sliramu mlayu
Mlayu marang wedok kang luwih ayu
Rumangsamu kowe iku isa tur mampu
Apa-apa mbok tindakke sakarepmu
Amung tansah nuruti hawa nepsu
Tanpa mangerteni kahanane atiku
Apa ya kowe ora kelingan jamane durung rahayu
Jamane kowe isih dadi tukang watu
Sapa kang tansah ana ing jejermu?
Apa ya dudu aku?
Saikine barang wus rahayu
Saikine barang wus dadi prabu
            Mbok uculke tanggungjawabmu
Kanggo ngopeni anak bojomu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...