Udan
Dening
: Sri Wahyani
Wus 2 jam suwene anggon Pak Gathot
nunggu ing emperan teras. Mondar-mandir kaya dene setrika rusak ngetarani yen
atine lagi sumelang. Luntap luntup, wira wiri mustakane ditempelke ing kaca
jendela kanthi ancas supaya isa weruh kahanan ing njero ruangan. Ora ketok apa-apa
pancen, kang diweruhi ya amung priyayi-priyayi kang nganggo jubbah ijo jangkep
karo gunting, kapas, lan liya-liyane. Dhasare Pak Gathot kuwi ya wong kang
weden, ketambahan lagi pisan kuwi tumapak ing ruangan kaya mangkana mula
dhewekke lewih milih nunggu karo ndunga ing emperan nunggu kabar seka njero
ruangan mau.
Sithik-sithik keprungu swara wong
bengok. Saben krungu swara wong bengok, Pak Gathot langsung tumuju nyedhaki
jendela kanggo ndelok kahanan njero.
“Dyaaaarrrrr……..”
Kaya ngapa kagete Pak Gathot krungu swara bledeg kang banget serune. Focus
ganti seka sek maune ngematke kahanan njero ruangan, sakiki dheweke ndledheg,
paningale makpyar, kaya ana kunang-kunang kang mabur ing sakngarepe dhewekke.
“Pak,
Pak Gathot.” keprungu swara wong wedhok kang nyeluki.
“I……
inggih Bu, kados pundi?” Pitakone Pak Gathot.
Fokuse
ganti maneh. Sakiki fokuse marang wong wehok kang nyeluki mau kanthi
pangarep-arep kang gedhe.
“Menika
Ibu Rukmini nyuwun supados dipundampingi Pak.”
Kanhti
abot, kepeksa Pak Gathot nyaguhi kanggo melu nututi wong wedhok mau tumuju
menyang njero ruangan. Abot kuwi merga sejatine dheweke wedi lan ora tegel yen
mlebu. Ananging merga kuwi kekarepane garwane mula dheweke diwani-wanikakake
mlebu kanggo ndampingi.
“Piye Bu?” Pitakone Pak Gathot
marang garwane.
“Kancani
Pak, kula ajrih amargi wonten bledeg ingkang ageng sanget kala wau.”
“Iya
Bu, iya… tak kancani iki. Sing kuwat ya Bu. Bapak yakin nek Ibu isa.” Pituture
Pak Gathot nguwatke garwane.
Kanthi tangan kang ndledheg banget
Pak Gathot nyekeli tangane garwane kanthi kenceng kanthi ancas supaya Rukmini
saya yakin tur semanagt anggone berjuang.
“Haaaaaaaaaaa…………..”
Rukmini bengok sakedane.
Ora
kacek suwe keprungu
“Eaaaaa…
eaaaaa…” Keprungu swara tangise bayi kang nembe lair.
“Alhamdulillah,
putri Pak. Ayu tenan kados Ibune” Kandhane Bu Bidan
“Alhamdulillah…”
Wangsulane Pak Gathot
Dhasare Pak Gathot ya kalebu wong
kang sugih ana ing desane. Dudu lurah pancen, ananging usahane kanggo dodolan
ya kalebu sukses. Sakikine dheweke wus nduweni kios kang gedhe. Mula saka iku,
Ranti, anak siji-sijine Pak Gathot karo garwane dijonjon banget. Kabeh panjaluke
den turuti.
Sakikine Ranti wus lulus SD. Dheweke
kepengin banget mlebu SMP favorit ing daerahe. Sanadyan Ranti kuwi dudu kalebu
bocah kang pinter, ananging dheweke isa kasembadan mlebu ing SMP favorit mau. Kabeh
mau ya majune karo dhuwit.
Ing sekolahan Ranti pancen den
senengi dening kanca-kancane amarga dheweke kerep numbaske jajan kanggo
kanca-kancane. Ranti uga kerep nggawake jajan seka umah, amarga dheweke mung
kari njupuk ing kiose wong tuwane. Ranti pancen bocah kang bodho, dheweke kerep
njaluk tulung marang kanca-kancane kanggo nggarapke tugase dheweke. Ngerteni kahanane
Ranti kang bodho ananging sugih, kanca-kancane kerep nyedhaki supaya ditumbaske
jajan.
Tekan ing sawijining dina, Ranti
njaluk ditumbaske hp, amarga kanca-kanca ing kelase wus padha nduwe hp.
“Pak,
Ranti badhe matur.”
“Matur
menapa ta ndhuk?” Wangsulane Pak Gathot.
“Tumbasaken
hp ta Pak, kanca-kancane Ranti sampun kagungan hp sedaya.”
“Kapan-kapan
kemawon nggih ndhuk. Ranti sakmenika taksih alit dereng wanacinipun kangge
nyepeng hp.”
“Pokoke
kedah dipuntumbasaken hp Pak! Menawi boten nggih Ranti boten purun bidhal
sekolah. Isin ta Pak, wong kanca-kancane Ranti sampun sami kagungan hp, mosok
namung Ranti ingkang dereng kagungan hp.” Omonge Ranti karo lunga menyang
kamar.
“La
menika ta Pak amargi banget dipunjonjon nggih dados kados menika, menapa-menapa
kedah den turuti.” Omongane Rukmini kanthi nesu-nesu.
Esuk iki pancen beda. Ranti, kang
biasane ceket-ceket nyepaki piranthi kanggo sekolah malah blas ora metu seka
kamar. Dheweke mutung amarga ora den turuti panjaluke kanggo tuku hp. Ngerteni kahanan
kaya mangkono, wusanane Pak Gathot nyemayani yen Ranti ameh ditumbaske hp
seminggu maneh. Sakwuse disemayani yen ameh ditumbaske hp seminggu maneh,
mutunge ilang banjur dheweke gelem budhal menyang sekolahan.
Apes, pancen lagi ketiban apes. Kaya
dene den samber bledeg rasane, kios kang dadi sumber panguripane Pak Gathot
sakluwarga kecolongan. Kabeh dagangane digondhol maling. Pikirane Pak Gathot
ambyar. Pikirane langsung marang Ranti, kepiye anggone dheweke nguripi anake
mau, kepiye uga karo janjine kang wus nyemayani ameh numbaske hp kanggo Ranti seminggu
maneh. Awake lemes banget, ora krasa apa-apa banjur semaput.
Pak Gathot digawa menyang rumah
sakit dening Rukmini. Kaya ngapa mumete Rukmini mangerteni yen garwane keneng
penyakit jantung. Ibarat wus tiba banjur ketiban anda.
Ranti, bocah kang ora ngerti
apa-apa, kaget amarga wektu mulih ing ngomah blas ora ana wong. Dheweke langsung
tumuju menyang rumah sakit sakwuse dikandhani dening tanggane.
Sore kuwi pancen lagi udan gedhe
mulakno awake klebes nyenyes. Luhe gemrojos weruh kahanane Bapake kang turon
ora ana dayane. Ora kacek suwe, mripate Pak Gathot kebukak. Dheweke seneng
banget weruh Rukmini karo Ranti ana ing sandhinge. Wus ora kuwat anggone nahan
lara, Pak Gathot njaluk ngapura marang Ranti amarga panjaluke kanggo tuku hp
urung den sembadani.
“Dyaaaaarrrr….”
Wus dadi tekdire, bebarengan karo swara bledeg, Pak Gathot dipunpundhut dening
Hyang Maha Esa. Kanthi diterke mobil jenazah, jazad Pak Gathot digawa mulih
banjur disarekake ing pesarean kang cedhak seka omahe. Kahanan dadi beda
banget. Rukmini sakiki terkenal kanthi sebutan randha anak siji kang den tinggal
mati dening garwane sakwuse bangkrut.
Rukmini, kang biasane saben esuk wus
nggogok ing ngarep pawon kanggo nyepaki panganan, sakikine wus ora kaya kuwi. Gaweane
mung ngalamun ing emperan teras mangerteni kahanane kang wus nelangsa kaya
mangkono. Rinta, kang biasane den senengi kenca-kancane sakikine wus diasohi
nang kanca-kancane amarga dheweke wus ora sugih lan wus ora tau numbaske jajan
kanca-kancane. Mangerteni kahanan kaya mangkono, Ranti wus ora betah. Dheweke banjur
metu seka sekolah favorit maul an mandheg wus ora sekolah maneh. Dheweke banjur
mikir kepiye carane kanggo nyambung uripe. Matane tumuju menyang payung kang
ana ing omahe. Payung iku banjur den gunakake kanggo nyambung urip.
Saben dina gaweane nggogok ing
prapatan, nunggu pawongan kang mbutuhake paying. Saben ana wong kang mbutuhake paying,
dheweke nututi ing mburine. Dheweke trima klebes kudanen sing penting pawongan
mau ora klebes. Saben receh asil seka ojek payung mau den kumpulke. Dheweke seneng
yen lagi mangsan udan amarga akeh receh kang isa mlebu nang sak klambine. Sakwalike
yen lagi musim panas ya ora akeh receh kang mlebu ing sak klambine amarga yen
musim panas kang mbutuhke payung ya paling amung turis-turis seka Negara liya,
iku ya amung sithik. Nalikane wetenge krasa ngelih, receh mau den anggo kanggo
tuku panganan.
Tekan ing sawijining dina, Pak Rudhi,
salah sawijine guru ing SMP-ne biyen weruh kahanan kuwi. Dheweke banjur
nyedhaki Ranti lan takon keneng apa dheweke nggogok ing prapatan kaya dene wong
ilang. Ranti banjur ngandharake yen dheweke lagi nyambung urip kanthi lantaran
payung mau. Atine Pak Rudhi kaya den sesek karo welad sakwuse den critani
kahanane Ranti kang kaya mangkono. Ranti banjur dijaki mlebu ing sajrone mobil
banjur digawa mulih menyang omahe Pak Rudhi. Saktekane ing omahe Pak Rudhi,
Ranti dikongkon supaya adus lan ganti klambi.
“Ranti,
iku ana klambi apik nang njero kresek kang cemantel ing lawing. Ndang dianggo
ya men ora keademen, wong klambimu kuwi ya wus klebes nyenyes. Iku klambi anyar
yoan, lagi tak tuku mau. Niate ameh kanggo keponakanku ananging keciliken
amarga saikine dheweke pancen wus lemu. Kana dianggo kowe, ketokke ya amot.”
“Inggih
Pak maturnuwun.” Wangsulane Ranti.
Karo nunggu Ranti rampung anggone
adus, Pak Rudhi nyepaki panganan kanggo Ranti, wong ketokke dheweke urung
mangan sedina iki. Kabeh iku ketara seka raine kang pucet.sakwuse Ranti rampung
anggone mangan, Pak Rudhi banjur nekoki kepiye critane keneng apa kahanane
Ranti isa nelangsa kaya mangkono. Ranti banjur nyeritakake apa anane, awit seka
kiose Bapake kang bangkrut, sedane Bapakke lan kahanane Ibune sakikine. Atine saya
lara krungu critane Ranti. Den elus-elus rambute Ranti, ora krasa Pak Rudhi
terus-terusan neteske luh.
Kebeneran dina iki dina minggu, dadi
Pak Rudhi ora menyang sekolahan. Esuk-esuk sakwuse rampung sarapan, Pak Rudhi
karo Ranti tumuju menyang panggonane Ibune Ranti sakiki. Saktekane ing panggone,
Pak Rudhi karo Ranti tumuju menyang ruangane Ibune Ranti. Kaget, merga Ibune ora
ana ing sajrone ruangan. Pak Rudhi karo Ranti kiter nggoleki Ibune Ranti, jebul
malah lagi njagong semendher ing kursi kang ana ing tengan taman. Rupane pancen
nelangsa, kaya-kaya dheweke urung isa narima apes 6 sasi kepengker.
Pak Rudhi karo Ranti banjur nyedhaki
Rukmini. Weruh anake nyedhaki, Rukmini banjur takon nang anake mau.
“Eh
Ranti, wus mulih sekolah ndhuk? Kok gasik tenan? Gurune padha rapat apa?”
Pitakone Rukmini
Urung
tekan Ranti mangsuli pitakone Ibune, Rukmini banjur ngomong maneh.
“Ya
kana, saikiki kowe menyango marang kiose Bapak. Bapak kan ya sayah, mbok
diganteni kana anggon jaga kios.”
“Eh,
menika Pak gurune Ranti nggih?” Pitakone Rukmini
“Inggih
Bu, kula gurunipun Ranti” Wangsulane Pak Rudhi karo nyalami Rukmini karo nahan
luh ing mripate kang sipit.
“Nyuwun
tulung dipundhidhik inggih Pak menika anak kula supados saged dados anak
ingkang pinter lan saged kasembadan cita-citanipun dados guru, mangke saged
damel bungah kula kaliyan Bapakipun saha saged migunani tumrap nagari.” omonge
Rukmini karo ngguya ngguyu.
Edan,
pancen sepeninggalane Pak Gathot, Rukmini pancen edan. Mangerteni kahanan kang
kaya mangkono, Pak Rudhi ora iso ngempet tangise, dheweke banjur lunga menyang
kamar mandi ninggalke Rukmini karo Ranti. Ing sedawane dheweke ing njero kamar
mandi, dheweke kepikiran kanggo ngopeni Ranti, bocah cilik kang uripe nelangsa
awit ditinggal mati Bapakke. Dheweke kepengin nyekolahke Ranti tekan dadi
sarjana.
Wanci
wus awan, Pak Rudhi karo Ranti njaluk pamit marang Rukmini, sejane arep mulih menyang
omahe Pak Rudhi. Sakikine Ranti wus ketrima uripe, dheweke manggon ing omahe
Pak Rudhi lan wus den janji menawa dheweke bakal disekolahke tekan sarjana
dening Pak Rudhi.
***TAMAT***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar