Rabu, 18 Oktober 2017

Crita



Kasembadan
Wengi iki aku rasane seneng banget. Dudu merga diwenehi duwit utawa olih biji kang apik. Senengku kuwi merga impenku wiwit SMP kasembadan ing dina iki.
Wengi iki aku ana rapat kesra (salah sawijining divisi hima jawa) kanggo ngrembug babagan dialog jurusan. Sakjane aku memeng kanggo mangkat amarga awakku lagi sayah banget. Ananging merga abot ing tanggungjawab, mula aku tetep mangkat rapat kuwi. Sakjane rapate ya amung nang FBS (Fakultas Bahasa lan Seni) UNY, pitung menit mlaku seka kos ku ya tekan. Ananging merga lagi sayah banget dadi aku whatsapp kancaku supaya isa marani aku nang kos. Bubar salat mahrib, kancaku teka lan aku diboncengke. Sakwuse tekan ing kampus aku sakanca langsung ngrembug babagan dialog jurusan. Rembugan rampung jam 21.30. Aku langsung kekes-kekes. Karepku langsung mulih nang kos, merga kosku tutup jam 22.00. Ananging kekarepanku kuwi ilang sawetara  nalikane aku weruh kancaku kang numpak montor vespa. Aku pancen wiwit SMP kepengin banget numpak montor vespa, mula nalika kancaku kuwi mandeg, aku langsung njaluk diboncengke. Banjur aku diboncengke seka gedung PKM (Pusat Kegiatan Mahasiswa) tekan bunderan ngarep gedung PLA (Pusat Layanan Akademik). Saking senenge, ora krasa yen luhku nganti netes.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...