Laku
Dening : Sri Wahyani
Dening : Sri Wahyani
Urip iku terus maju
Bebarengan karo lakumu
Kang nudhuhake
kapribadenmu
Apa ya becik, apa ya
kleru
Tan kleru yen tuwuh pitakon ing sajroning kalbu
Sakjane
apa kang den tuju?
Saestu
perlu apa amung hawa nepsu
Aja
nganti kababan babagan kang ora temtu
Mula
kudu tansah njaluk pangestu
Marang
Bapak saha Ibu
Supaya
mulya uripmu
Coba deloken nganggo paningalmu
Endi pawongan kang
remen padu
Endi pawongan kang
remen satru
Apa ya mulya ing
panemu?
Mesthi ora jawabmu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar