Selasa, 03 Oktober 2017

Sombong Saged Damel Rurah Kekancan



Sombong Saged Damel Rurah Kekancan

Tika, Yani, Saha Bagas sampun dangu anggenipun kekancan. Lare 3 kala wau dhasaripun putrane priyayi ingkang sugih. Asring jajan sareng – sareng. Ananging sedaya dados benten nalika Bapakipun Yani bangkrut.
Pacelathon wonten kelas.
Yani    : “Ka, Tika, menapa kula angsal nyuwun tulung?
Tika     : ( Etok – etok boten mireng )
Yani    : “Tik, angsal nyuwun tulung boten? Tulung wangsulaken sapu menika. Sampean ugi sampun rampung anggenipun nyapu ta?
Tika     : “Apa? Mbalekke? Ra sudi!
Yani    : “Sampeyan bibar nedha menapa ta? Kok boten kados biasanipun
Tika     : “Mangan apa ya dudu urusanmu! Minggir kana!
Bagas  : “Sampun – sampun. Sampeyan menika kenging menapa ta? Kok sami tukaran. Menawi wonten masalah mangga dipun rembag kanthi sae. Kenging menapa ta Tik?
Tika     : “Kula sakmenika boten remen kaliyan Yani. Yani sakmenika sampun mlarat, sampun boten level kaliyan kula (kesang ngwangsulaken sapu)
Bagas  : “Inggih sampun, ampun dados penggalih. Amargi Tika inggih kados menika.”
Yani    : “Lah inggih Gas, kula nggih nembe pirsa menawi Tika kados mekaten.”

Sampun mapinten – pinten dinten Tika kaliyan Yani boten sesrawungan malih. Tika langkung remen sesrawungan kaliyan kanca lintunipun ingkang langkung sugih.
Ing satunggaling dinten, Tika ningali salah satunggaling kanca ingkang anggadahi hp android. Piyambakipun ugi kepengen anggadahi hp kados menika. Lajeng nyuwun dipuntumbasaken dening Bapak wonten nggriya.
Tika     : “Pak, mbok kula dipuntumbaske Hp Iphone!
Bapak  : “Hp Iphone menika menapa ta ndhuk?”
Tika     : “Hp medalan enggal, Pak. Supados sami kalih kanca kula.”
Bapak  : “Bu, Ibu!”
Ibu       : “Inggih Pak, kados pundi?”
Bapak  : “Menika lho, Tika nyuwun dipuntumbaske Hp Iphone.”
Ibu       : “Walah ndhuk, mriki ibu paring pangertosan. Sakmenika Bapak nembe kemawon kenging tipu, perusahaan Bapak sakmenika sampun bangkrut.”
Tika     : “Pokokke kula kedah dipuntumbasken hp Iphone.” ( kesah dhateng kamar )
Boten dangu ibu lajeng nimbali Tika
Ibu       : “Ka, Tika.”
Tika     : “Wonten menapa to Bu?”
Ibu       : “Menika dipun timbali Bapak.”
Tika     : “Menapa badhe dipuntumbaske Hp Bu?” ( Tika mlayu marani Bapak )
Tika     : “Kados pundi Pak? Menapa kula badhe dipuntusbasaken Hp?”
Bapak  : “Mangga, ndherek kemawon!”

Lajeng Bapak kaliyan Tika medal nitih motor wonten TPA
Bapak  : “Menika lho ndhuk tiyang – tiyang menika badhe nedha rekasa rumiyin. Begyanipun kita ingkang sampun dipun paring rejeki cekap.” ( nudhing pemulung )
Tika     : “( meneng sakwentara ). Inggih Pak. Nyuwun pangapunten kula klentu.”
Bapak  : “Sakmeneika, tasih nyuwun dipuntumbasaken Iphone?”
Tika     : “Boten Pak, ngagem Hp sakmenika sampun cekap kok.”
Tika rumangsa bilih piyambakipun klentu. Lajeng piyambakipun nyuwun pangapunten dhateng Yani wonten kelas.
Tika     : “Yan, kula nyuwun pangapunten nggih, amargi tumindak kula kala wingi klentu.”
Yani    : “Inggih boten menapa.”
Bagas  : “Sae….”






Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...