Wurung
Dening
: Sri Wahyani
Kaya dene pitik ing njero karung
Apa kang dadi karepe mesthi wurung
Ora den lilani dening rama biyung
Pangandikane jare kon aja kemrungsung
Nalikane
karep iki karep kae
Pangandikane
jare kon sesuk-sesuk wae
Ananging
ya urung kasembadan tekan seprene
Dadi,
sakjane kapan wancine?
Adhuh Bapak, adhuh Ibu
Dadi kapan pitik iku olih metu?
Apa ya urung karep nduwe mantu?
Apa ya urung karep nduwe putu?
Kedepan semoga bisa lebih banyak lagi postinganyaa,,,
BalasHapus