Minggu, 15 Oktober 2017

Geguritan Wurung



Wurung
Dening : Sri Wahyani
Kaya dene pitik ing njero karung
Apa kang dadi karepe mesthi wurung
Ora den lilani dening rama biyung
Pangandikane jare kon aja kemrungsung
            Nalikane karep iki karep kae
            Pangandikane jare kon sesuk-sesuk wae
            Ananging ya urung kasembadan tekan seprene
            Dadi, sakjane kapan wancine?
Adhuh Bapak, adhuh Ibu
Dadi kapan pitik iku olih metu?
Apa ya urung karep nduwe mantu?
Apa ya urung karep nduwe putu?

1 komentar:

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...