Bukit Mertelu
Bukit mertelu inggih
menika salah satunggaling wisata alam wonten ing Purbalingga ingkag katlatah
wonten ing Desa Sangkanayu, Mrebet, Purbalingga. Jarakipun kisaran 35 km saking
pusat Kota purbalingga. Dipunsebat mertelu jalaran wonten 3 bukit ingkang
berpunuk-punuk inggih menika Bukit Keroya, dan Bukit Muntang. Bukit kasebat
wonten ing kainggilan 1000 mdpl. Pemandangan wonten ing nginggil bukit mertelu
endah sanget amargi saged ningali kota Purbalingga lan sakiwa tengenipun
kadosta Baturaden, Purwokerto, dan Gunung Sindoro. Traveller kedah mlampah
kirang langkungipun 30 menit kangge dumugi wonten bukit. Rute kangge dhateng
bukit mertelu inggih menika saking Purbalingga kota belok ngiwa saking pertelon
Selaganggeng, tumuju agrowisata Serang. Sakderengipun mlebet Desa wisata Serang
wonten ing Pondok Nangka, sampun wonten petunjuk arah kangge tumuju dhateng
Bukit Mertelu.
 |
http://www.berkeliling.com/2017/06/lokasi-dan-rute-menuju-bukit-mertelu.html |
 |
Foto kapendhet rikala tanggal 2 September 2017 |
 |
Foto kapendhet rikala tanggal 2 September 2017 |
 |
Foto kapendhet rikala tanggal 2 September 2017 |
 |
Foto kapendhet rikala tanggal 2 September 2017 |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar