Getun
Tiba Mburi
Dening
: Sri Wahyani
Esuk
iki dakrasa adhem tenan. Slimut gambar sapi isih nutupi awakke bojoku kang isih
turu. Sakjane aku ya isih kepengin manggon ana ing sakwalike slimut kuwi,
ananging ya ora patut amarga aku iki duwe kuwajiban kanggo ngurusi anak lan
bojoku.
Aku
enggal-enggal nyepakake kabeh piranti pawon. Blarak tak sumed kanggo gawe geni
ana ing pawon. Ceret tak isi banyu kanggo adus anak lan bojoku mengkone. Beras
tak tapen banjur enggal-enggal tak dang. Ora keri, teri kang ana ing ndhuwur
anjap enggal-enggal tak goreng, amarga pancene anak karo bojoku seneng banget
yen sarapan sega anget lawuh teri.
Nalikane
kabeh pangan wus cumawis ana ing meja, aku enggal-enggal nggugah bojo lan
anakku supaya adus. Ing sakdawane padha adus, aku nyepakake klambi kerjane
bojoku lan klambi sekolahe anakku.
“Bu,
ageman kula wonten pundi?”
“Menika
lo wonten nginggil kasur.”
“Bu,
kula boten saged ngancing ageman menika, mbok dipunkancingaken Bu.”
“Menika,
nyuwun tulung dhateng Bapak Ndhuk, mangke menawi kantun nguncir rekma mangke Ibu
ingkang nguncir.”
Sakwuse
padha rampung anggone dandan, banjur sarapan bebarengan, sega anget lawuh teri.
“Bu,
kula kepengin dipundulang.”
“Mriki
Bapak ingkang ndulang.”
“Pak
mangke kula pentas nampilaken dongeng lo, Bapak kedah nonton lo.”
“Inggih
mangke Bapak tamtu nontoh Ndhuk.”
Sakrampunge
sarapan, aku ngeterke bojoku tekan teras. Kaya kang wus kulina, bojoku ngambung
bathuk cunongku.
“Yan,
ana sing ameh tak omongke.”
“Kados
pundi mas?”
“Dadi
ngene, mau aku ditilpun nang Hani supaya bisa ngeterke dheweke kanggo bali ana
ing umahe.”
“Hani
ingkang kanca kerjanipun panjenengan ta mas?”
“Iya
Yan. Diijinke apa ora? Niatku si ameh nulung, tapi yen nang kowe ora diijinke
ya aku manut nang kowe, mengko sakrampungku aku langsung mulih wae.”
“Miturut
pamanggih kula inggih boten usah mas, amarga piyambakipun menika anggadhahi
garwa, kenging menapa boten nyuwun dipunpurugi garwanipun kemawon. Kejawi
saking menika, Mas Wawan ugi mangke kedah rawuh wonten ing pentasipun Nabil.”
“Ya,
aku manut nang kowe Yan, mengko aku tak langsung mulih wae, ora sida ngeterke
Hani.”
Pentas
wus ameh diwiwiti, aku lan anakku nunggu bojoku ana ing mburi panggung.
Ananging bojoku ora teka-teka. Cetha iku agawe pasuryane anakku dadi kecut. Tak
tilpun bola-bali, ananging nomere malah ora aktif. Pasuryanku uga melu kecut
amarga nganti rampunge adicara, bojoku ora teka.
Anakku
nangis sakrampunge pentas amarga kuciwa jalaran Bapakke ora teka. Tak
eneng-enengi kanthi ngomong menawa Bapakke kuwi lagi sibuk ana ing kantor.
“Sampun
Ndhuk ampun nangis, mangke ayune ical lo. Bapak menika saweg sibuk wonten ing
kantor dados boten saged rawuh wonten ing pentas. Mangke pinanggih Bapak wonten griya kemawon.”
“Kula
kuciwa Bu, Bapak menika sampun janji badhe rawuh, malah ngapusi.”
“Boten
pareng kados menika Ndhuk. Mangga sakmenika wangsul kemawon, mangke pinanggih
Bapak wonten griya.”
Kaget,
pancen kaget banget, amarga ning garep umahku akeh banget wong uga pulisi.
Banjur tuwuh pitakon ing pikirku “Iki ana apa ya?”. Pikiranku ambyar. Pikiranku
langsung tumuju marang bojoku kanga wit mau ora ana kabar. Jebul bener, kabeh
kuwi ya amarga bojoku kang keneng apes yaiku tiba seka montor.
Awakku
lemes ora ana daya. Enggal-enggal tak temoni bojoku kang isih turonan nahan
lara.
“Mas,
panjenengan kados pundi? Kok ngantos kenging apes kados menika?”
Ditakoni
kaya mangkana bojoku ora sumaur apa-apa.
“Pundi
ingkang sakit Mas?”
“Aku
ora lara kok Yan, amung lecet-lecet sithik. Ya lumrah, wong bar tiba ya ana
lecete. Wis aja denpenangisake. Nabil nang ngendi? Aku ameh njaluk ngapura
merga ora nepati janjiku kanggo teka ing pentase. Dheweke cetha kuciwa nang
aku.”
“Nabil
kula titipaken wonten dalemipun Simbah Mas. Dados, kados pundi cariyosipun kok
panjenengan ngantos kenging apes kados menika?”
“Sakdurunge
aku njaluk pangapura marang kowe amarga aku mblenjani janjiku. Aku mau tiba lebar
ngeterke Hani mulih nang umahe.”
Krungu
caritane Mas Wawan, aku gur isa ngelus dhadha amarga dheweke wus mblenjani
janjine marang aku lan anakku. Rasa welas iku saiki cinampur karo rasa gela ing
sajroning dhadha.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar