Jebul
Kleru
Iki
caritane bocah Banjarnegara karo bocah Purbalingga kang lagi manggon ana ing
Jogja saperlu ngangsu kawruh ana ing Universitas Negeri Yogyakarta. Sore-sore
sakbubare mata kuliah tata ukara, kancaku bocah Banjarnegara ngajek menyang toko
“Outlet Biru”. Sejane ya wus cetha ameh golek sepatu. Amarga ora mangerteni ana
ing ngendi toko kuwi mau, aku lan kancaku manut karo dalan kang ditudhuhake ana
ing google maps. Sore kuwi pancen
macet banget. Sakwuse kurang luwihe 45 menit perjalanan, maps aweh tanda dene posisiku lan kancaku wus tekan ana ing alamat
kang dentuju. Kancaku banjur ngandhegake motore. Aku lan kancaku
thingak-thinguk bingung nggoleki tulisan “Outlet Biru”. Amarga wus radha suwe
ananging urung nemu tulisan outlet biru, dadi aku lan kancaku takon marang
bakul woh-wohan.
Aku :
“Ndherek langkung Ibu, nyuwun pangapunten kula badhe nyuwun pirsa, toko sepatu
outlet biru wonten pundi inggih?”
Ibu :
“nang kene ora ana toko outlet biru mbak.”
Kancaku : “Ananging wonten maps menika….”
Ibu :
“Iya, nang maps pancen ngono kuwi, ananging kuwi kleru mbak. Nang kene ora ana
outlet biru. Dudu gur mbak e kang nggoleki outlet biru nang kene, nanging wus
atusan luwih kang nggoleki outlet biru nang kene.”
Kancaku : “Ooh… inggih maturnuwun, Bu.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar