Reuni
Dening
: Sri Wahyani
“Bu,
menika wonten uleman.”
“Uleman
seka sapa Ndhuk?”
“Saking
Pak Gito Bu.”
“Uleman
apa Ndhuk? Pak Gito lak ya nembe ngarah mantu winginane, mosok wus ameh ngarah
mantu maneh?”
“Kirangan
Bu.”
“Ya
wus kene ulemane, kowe gek ndang sarapan kana, ngko kari mangkat sekolah men
dadi wong pinter.”
Siti
banjur mlebu ngumah saperlu sarapan. Undangan tak bukak, jebul undangan mau
dudu undangan kajatan, ananging undangan supaya teka ana ing reunian SMA.
Aku
nyedhaki anakku kang lagi sarapan.
“Ndhuk,
iki dudu uleman kajatan, ananging uleman reunian SMA.”
“Inggih
sae menika Bu. Wonten pundi Bu?”
“Ana
ing Bale Perkumpulan kang cedhak dalan gedhe kae lo Ndhuk. Ananging Ibu ora
ameh menyang.”
“Kenging
menapa Bu? Menapa kula kemawon ingkang dados sesulihipun Ibu. Lumrahipun dhaharan
wonten ing Bale Perkumpulan menika kan sami eca. Saged kangge perbaikan gizi,
hehe.”
“Apa
ta Ndhuk? Gek dibacutke lehmu sarapan Ndhuk.”
Sakwuse
anakku budhal sekolah, aku enggal-enggal nyepakake tudhung lan cungkir banjur
budhal menyang alas.
Srengenge
wus nang ndhuwur endas. Wetengku ya wus muni pratanda yen aku iki wus ngelih. Aku
enggal-enggal minggir ana ing galengan, njagong ing ngisor wit gedhang. Tlekem banjur
tak bukak, kadeleng ana teri kang ngawe-awe.
Sakrampunge
madhang, kadeleng ana pawongan lanang
kang gedhe dhuwur nyedhaki aku.
“Rut,
mau aku menyang umahmu saperlu ngeterke uleman reuni, ananging kowe kayakke
lagi ana gawean ing mburi, dadi tak titipke anakmu. Iku uleman reuni kang bakal
kalaksanan dina Minggu sesuk ing Bale Perkumpulan. Kowe isa teka ta?”
“Inggih
mriksani kahanan benjang kados pundi inggih Pak.”
“Kudu
teka ya. Sesuk tak ampiri nang umahmu.”
Sanadyan
Pak Gito wus ngendika kaya mangkana, ananging karepku kanggo ora menyang marang
reunian iku yaw us ora bisa denowahi. Amarga aku ora patek sreg karo
kanca-kanca SMA ku mbiyen kang remen padha nge geng. Bocah-bocah kang kalebu
sugih mesthi kembul dadi sak geng. Lah, bocah sing kaya aku iki, mesthi ora den
adohi tur ora duwe kanca.
Aku
ya mangerteni kahananku saiki kang ora kalebu wong sukses kaya kanca-kancaku
sing wus padha dadi pejabat. Lah aku, aku iki amung wong mlarat kang pegaweane
amung dadi buruh tani tur randa anak siji pisan. Bojoku wus patang taun lawase
anggone seda. Iku kang marakke aku kudu nguripi anak wadonku kang saiki sekolah
ing SMA dhewekan. Sakwuse bojoku seda aku pancen dadi buruh tani, ngurusi alase
wong liya. mbiyen aku pancen nduwe sawah kang radha jembar, ananging sawah iku
di dol kanggo tuku obate bojoku. Ananging tekdir Gusti pancen ora bisa
disemaya, bojoku seda amarga ora tahan nahan penyakite mbiyen.
Aku
ngrasa ora patut menawa kudu sesandhingan karo kanca-kancaku kuwi. Mangerteni sipate
mbiyen kang padha umuk, mesthi mengkone yen aku menyang ing reuni bakale ora
duwe kanca.
Minggu
esuk, nalikane aku lagi nyapu latar, keprungu swara montor kang mandeg ing
ngarep umah. Swara motor iku ora asing ana ing kuping. Ya, iku swara motore Pak
Gito kang ngampiri aku supaya melu dheweke menyang ing reunian SMA.
Sanadyan
dipeksa ananging aku tetep ora gelem melu. Aku uwih milih kanggo niliki Sukma
kang lagi mriyang.
Sukma
uga kanca kelasku mbiyen nalikane SMA. Dheweke uga ora menyang ana ing reunian
jalaran lagi mriyang.
Sore-sore,
nalikane aku lagi niliki Sukma, keprungu akeh swara montor kang mandeg ing
ngarep umahe Sukma.
“Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam”
Aku mbukakake lawang.
Ora
den nyangka ora den kira, sing teka iku jebul kanca-kanca kelasku mbiyen
nalikane SMA. Jebul, sakbubare adicara reunian, kabeh padha teka saperlu niliki
Sukma lan aweh amplop kanggo mbiyantu sekolahe anakku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar