Rabu, 01 November 2017

Geguritan Saka Tlatah Jawa



Saka Tlatah Jawa
Dening : Sri Wahyani
Aku lair ing tlatah Jawa
Papan dumadine kabeh carita
Sewu budaya sumawur ngebaki
Njangkepi caritaku ing tlatah iki
            Sanadyan ora ana kaprigelan punapa
Ananging aku duwe rasa setya
Lan aku bakal terus ngupaya
Kanggo nguber kabeh cita
Kanthi sinau dadi diyan nagari
Kaya sunare bagaskara
Kang nyunari tlatah pusaka
Dadi bangsa kanthi jiwa pancasila
Tresna saha nguri-uri budaya
Kabeh wus dadi kuwajiban kita

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...