Kamis, 02 November 2017

Geguritan



Asu-asu Kereng
Dening Sri Wahyani
Sewu lintang ing langit kae
Dadi seksi sumelange ati iki ngawaske kahanan
Kahanan babagan kadigdayan
Kang tansah dadi golekane kabeh kang duwe nyawa
Asu-asu kereng kae tansah muni saut-sautan
Kaya medi kanggo pitik ing pinggir dalan
Pitik kang ora duwe digdaya kanggo nglawan
Kaya iki, kang digdaya menang kandha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...