Sabtu, 30 September 2017

Paugeran Tembang Macapat

Paugeran tembang macapat
1. Guru lagu : dhong dinging swara pungkasan
2. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
3. Guru gatra : cacahing gatra saben sapadha

Jumat, 29 September 2017

Tembang Macapat



Jinising Tembanga Macapat
1.      Mijil
2.      Asmarandana
3.      Durma
4.      Dhandhanggula
5.      Gambuh
6.      Kinanthi
7.      Maskumambang
8.      Pangkur
9.      Sinom
10.  Megatruh (Pl)
Duduk wuluh (Sl)
11.  Pucung

Kamis, 28 September 2017

Pengalaman Pribadi Dipundukani Tiyang Edan



Dipundukani Tiyang Edan
Kula anggadhahi cariyos ingkang lucu inggih menika dipundukani dening tiyang edan wekdal ing warsa 2015 kepengker. Wekdal menika kula taksih dados karyawan wonten ing toko “Laju Busana” ingkang kondhang kaliyan lambangipun “Pusat Busana Murah” inggih menika toko wonten ing kitha kula, Purbalingga, ingkang manggen wonten ing wetan patung knalpot ingkang nyamektakaken ageman. Kados dene ingkang sampun kulina, kula sakanca saben enjang resik-resik toko. Ancasipun dipunkulinakaken resik-resik toko kala wau inggih menika supados tiyang ingkang badhe ngersakaken ageman wonten ing toko menika saged ngraosaken sekeca amargi toko ingkang dipunampiri menika resik satemah saged sekeca anggenipun milah-milah ageman.
Wekdal menika, Minggu, 20 Desember 2015, tabuh 07.30, sakbibaripun mundhut kunci toko wonten ing “Laju 1” menika pusat saking toko “Laju Busana” ingkang wonten ing Purbalingga, kula sakanca enggal-enggal bukak kori toko lajeng enggal-enggal mundhut piranthi ingkang dipunagem kangge resik-resik toko kadosta sapu, pel, sulak, ekrak saha ember ingkang dipun isi kaliyan toya kangge ngepel. Dinten menika pancen jatah kula kangge ngepel wonten sisih ngajeng kalebet teras ingkang caket kaliyan margi.
Kados menapa kaget kula amargi wekdal saweg ngepel wonten teras ingkang caket kaliyan margi, ujug-ujug wonten simbah estri ingkang radi kirang panggalihipun nyedhaki kula. Kula kinten simbah menika badhe nyuwun sodaqoh, ananging kasunyatanipun malah ndukani kula amargi terosipun simbah menika kula mubadir toya.
“Eh mbak, kowe iki ora rumangsa yen banyu saiki kuwi arang anane? Kok malah mubadir banyu kaya kuwi. Banyu aja den regedi mbak, mending mbok anggo kanggo adus utawane nginum, iku kan luwih ana paedahe” Pangandikane simbah kanthi nesu kanthi drijinipun dipun acung-acungaken dating rai kula.
Sakwetawis kula bingung dateng pratingkahipun simbah kala wau. Boten kraos menawi tutuk kula ngantos mlongoh
            Boten kacek dangu saking kedadosan menika, salah satunggaling kanca kula nyaketi kula lajeng nyuwun pirsa kenging menapa simbah menika nyaketi kula. Lajeng kula kanthi ngampet guyu nyariosaken kedadosan menika, bilih kula bibar dipundukane dening simbah menika. Raosipun sampun boten saged malih kangge ngampet guyu. Kula sakanca ngguyu sesarengan wonten ing teras amargi kedadosan menika, kedadosan kula ingkang dipundukani dening tiyang edan.

Rabu, 27 September 2017

kebakaran mobil



Kebakaran Mobil
Kebakaran mobil menika kedadosan wekdal yuswa  kula taksih 4 taun saha yuswanipun kangmas kula taksih 8 taun. Wekdal menika kula dereng sekolah saha kangmas kula sampun SD kelas 3. Kangmas kula nyuwun dhateng Bapak supados dipuntumbasaken mobil. Kula taksih alit, dereng mangertos menapa-menapa  inggih namung ndherek kangmas kula kemawon.
Wekdal kula saha kangmas saweg dolanan kaliyan Bapak.
“Pak, kepingin dipuntumbasaken mobil” ngendikanipun kangmas kula.
“mobil kangge napa ta cah bagus?” Pitakenanipun Bapak.
“inggih kangge dipuntumpaki, supados saged muter-muter Purbalingga nitih mobil lo Pak”
“lah nitih angkot menika saged le”
“nitih angkot menika boten puas pak, puas menika menawi nitih mobilipun piyambak”
“Inggih mangke cobi Bapak pirembagan rumiyin kaliyan Ibu”
“Yeee… yeee tumbas mobil” ngendikanipun kangmas kula. Piyambakipun ketingal bingah sanget.
Kula ingkang taksih alit menika inggih namung mendel mriksani kedadosan menika.
Boten patosa dangu, Bapak lajeng ngandaraken panyuwunanipun kangmas kula dhateng Ibu.
“Bu, menika putranipun ingkang jaler nyuwun dipuntumbasaken mobil, kados pundi inggih?” pitakenanipun Bapak.
“sakjatosipun inggih namung guneman Pak, piyambakipun menika taksih alit, ampun menapa-menapa dipunturuti, mangke dados tuman” Wangsulanipun Ibu.
“Ananging, sakjatosipun Bapak inggih sampun anggadaih kersa badhe mundhut mobil lo Bu” Wangsulanipun Bapak.
“Inggih menawi menika sampun dados kersanipun Bapak inggih Ibu ndherekaken”
Tiga dinten saksampunipun Ibu saha Bapak pirembagan, wekdal enjing Bapak tindak dhateng Dealer kanthi ancas mundhut mobil. Wekdal sonten mobil dipunkintun dhateng griya. Kangmas kula ketingal bingah sanget mriksani mobil ingkang dipunkintun menika. Lajeng kangmas kula nyuwun supados enggal-enggal saged nitih mobil menika.
“Pak sumangga muter-muter Purbalingga nitih mobil ingkang enggal menika”
“Benjing inggih le, Bapak menika kedah sinau babagan nyopir rumiyin” wangsulanipun Bapak.
Setunggal minggu saksampunipun mobil dipunkintun, Bapak ngajak kula saha kangmas kula muter-muter Purbalingga, ananging kula boten purun amargi wekdal menika kula saweg dolanan kaliyan kanca kula. Wusananipun ingkang ndherek Bapak nitih mobil inggih namung kangmas kula.
Setunggal jam saksampunipun Bapak saha kangmas tindak, kepireng swanten “kebakaran… kebakaran…”
Swanten menika asalipun saking pelataran griya ingkang boten tebih saking griya kula.
Sepinten kagetipun kula saha Ibu amargi ingkang kebakar menika mobil ingkang dipuntitihi dening Bapak saha kangmas kula.
Panik, inggih panik wekdal mangertosi Bapak saha kangmas kula wonten ing saklebetipun mobil ingkang kebakar menika boten saged medal. Kaca mobil dipunpecah dening sedherek kula supados Bapak saha kangmas kula saged medal saking mobil menika. Para warga sami ngangsu toya kangge nyirami mobil menika. Radi dangu geni menika surup. Kula sakluwarga ngonjukaken raos syukur amargi Bapak saha kangmas kula rahayu saking kebakaran menika.

Selasa, 26 September 2017

geguritan godhong waru garing



Godhong Waru Garing
Dening : Sri Wahyani
Delengen kae
Godhong waru garing padha sengkleh
Nadyan jejogedan katerak ing angin
Kumlebat, kumlawe
Ngalor ngidul ora ana kang den sedya
            Ora duwe daya pancen
            Wit kang maune dadi dhedhasaring urip
            Wus tan keneng den dadekake panyangga
            Nasibe kocar kacir kegawa angin
Apa ya sira mangerteni kahanane ati iki
Nalikane sira agawe kuciwa
Memper banget karo godhong waru garing mau
Ora duwe daya, ora duwe nyawa

Senin, 25 September 2017

gambuh



Gambuh
1.      Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katli
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

2.      Aja nganti kebanjur
Sabarang polah kang nira jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Ing pitutur kang sayektos

3.      Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudrapapeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

4.      Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh

5.      Si kidang umbagipun
Ngendelaken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngendelaken ageng inggil
Ula ngendelaken iku
Mandine kalamun nyakot

(Serat Wulangreh, Sinuwun Paku Buwana IV)

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...