Minggu, 17 September 2017

dolanan tradisional yeye



Yeye
A.    Pangertosan
Yeye inggih menika dolanan tradisional nglumpati tangsul ingkang dipundamel saking reroncening karet ingkang sakboten-botenipun wonten 3 lare ingkang ndherek.
B.     Caranipun dolanan
1.      Lare-lare ingknag ndherek dolanan sami hompimpah kangge nemtokakaen 2 lare ingkang kedah nyepengi tangsul.
2.    2 lare ingkang nyepengi tangsul sami pingsut kangge nemtokaken sinten ingkang badhe dolanan rumiyin menawi wonten lare ingkang wurung anggenipun nglumpati tangsul.
3.    2 lare ingkang nyepengi tangsul sami-sami narik tangsul lajeng lare ingkang main kedah nglumpati tangsul setunggal baka setunggal. Inggilipin tangsul awit saking polok, lajeng jengku, puser. Wonten ing tahap menika, angsalipun nglumpati boten pareng nyenggol tangsul. Menawi wonten lare ingkang nyenggol tangsul wekdal mlumpat, lare menika kedah nggantosi nyepengi tangsul.
4.     Tangsul dipuninggilaken wonten jaja, kethekan, talingan, ubun-ubun, pecak. Wonten tahap menika angsalipun nglumpati pareng nyenggol tangsul.
5.     Lare ingkang boten saged nglumpati tangsul kedah nggantosi nyepengi tangsul.
6. Menawi sedaya tahap sampun kalampahan, tangsul dipunmudhunaken, dolanan dipunwiwiti malih.
C.     Maknanipun dolanan
1.      Andadosaken bingahipun manah.
2.      Nglatih greget supados saged menang anggenipun dolanan.
3.    Nglatih supados pinter amargi kedah saged nginte-nginten caranipun mlumpat miturut inggilipun tangsul.
4.      Nglatih badan supados kuwat.
5.      Nglatih supados saged ndamel kaputusan.
6.      Media kangge sosialisasi.
D.    Nilai moral
1.      Nilai sosial
Saking dolanan yeye menika saged nuwuhaken raos social amargi saged langkung ngraketaken antawisipun lare 1 kaliyan lare sanesipun.
2.      Nilai budaya
Dolanan yeye menika salah satunggaling cara kangge nglestarekake budaya jawa inggih menika dolanan tradisional.
3.      Nilai religius
Saking dolanan yeye menika saged nglatih supados jujur, amargi dolanan menika dolanan ingkang jujur boten saged ngapusi amargi wekdal lare ingkang main menika boten saged anggenipun nglumpati tangsul menika langsung saged katingal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...