Sabtu, 16 September 2017

geguritan pati



Pati
Dening : Sri Wahyani
Nalika awak sira tan isa obah
Nalika tutuk sira kaya dene den paku
Nalika pawongan kae wus lunga
Pitung jangkah seka panggonanmu
Ameh sambat sapa?
Sanak? Kadang?
Tan ana kang isa krungu jelihanmu kuwi
            Mangsuli tekdir manungsa
            Kang wus tan isa gumingsir
            Kabeh mau wus sinerat
            Mula buka lemah
            Bakal bali dadi lemah maneh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...