Sabtu, 23 September 2017

geguritan udan



Udan
Dening : Sri Wahyani


Lumantar tumetesing udan iki
Den titipke sewu kangenku
Kanggo sliramu, iya sliramu
Wong bagus kang dadi pepujaning atiku
            Kangen iku pancen curang
Aben dina nambah, tanpa mangerteni kepiye carane ngurangi
Dhuh kangmas, apa ya kowe mangerteni
Kahanane atiku, kang tansah nyuwun dhateng Gusti
Mugiya katresnanmu ora ngeliya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

cara matur

20 ungkapan (cara matur) ingkang wigatos 1.       Wonten ing satunggaling dinten, kula dipundhawuhi Ibu supados nyaosaken dhaharan ke...